Page 12 - PowerPoint Presentation
P. 12

B. Parafrase geguritan

          Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi

          wujud teks gancaran (prota/crita). Prakaryan ngowani wujud iki diarani parafrase. Parafrase

          katindakake kanthi ngowahi susunan pada (bait) dadi paragraf. Nanging tanpa ngowani isine.
          Awit basa ing geguritan iku basa sing mentes, mela tembung-tembunge akeh sing diilangi

          utawa dikurangi. Ukara ing basa padinan, umume jangkep tetembungane.


          C. Nyritakake isine geguritan


          Isine geguritan Bocah Cilik Kae yaiku:

          Nasibe manungsa mbesuk ora ana sing bisa mangrteni. Sanadyan kapisanane amung wong

          bisa lan kaya ora nduweni kadigdayan, nanging bisa uga mbesuk dadi wong pinter kang

          kepenak uripe lan bisa andum kebecikan marang liyan. Banjur kanggo anggayuh kasuksesan
          mangkono iku, bocah kude didhidhik wiwit iseh cilik ngenani bab-bab kang luhur. Ora malah

          diwuruki ngenani bab-bab kang ala. Ing tembe mburine, bocah nduweni kebebasan memilih

          dalan uripe dewe, nanging wong tuwa uga kudu tetep bisa ngarahake bocah supaya ora salah
          miih dalan uripe lan ora dadi keblinger.



                                     Gladhen Piwulangan 4


          Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!

          1. Bocah cilik kae ora kena dikepriye?

              wangsulan .........................................................................................
          2.  Sapa ngerti mbesuk tembe thukuk etare

              Apa tegese ukara ing duwur?

              wangsulan .........................................................................................

          3. Bocah cilik kae iseh bening jiwane.
              Apa tegese bening jiwane iku?

              wangsulan .........................................................................................

          4. Apa tegese “jenu” iku?
              wangsulan .........................................................................................

          5. Apa tegese “senthe” iku?

              wangsulan .........................................................................................
   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17