Page 9 - PowerPoint Presentation
P. 9

b) Lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra
             c) Guru lagu (rima utawa pola persajakan) pinathok

          2. Geguritan gagrag anyar (Puisi Jawa Modern)

             Geguritan anyar ora kaiket paugeran kaya geguritan gagrag lawas. Ora nduweni struktur
             kang baku ngenani cacahe gatra (larik) lan cacahing padane (jumlah bait). Ing geguritan
             lumrahe nggunakake Basa Rinegga supaya katon endah menawa diwaca lan dirasakake.
          B. Titikane geguritan

             1. Geguritan ngemot pengalamane panganggit

             2. Geguritan ditata manut bait-bait

             3. Geguritan duwe irama

             4. Geguritan butuhake kridhaning pikir, rasa, lan imajinasi
             5. Basane geguritan cekak aos

          Tuladha:



              Saben sikilku jumangkah ngliwati regol iki        Mripat kekembeng luh

              Aku mesthi tumoleh mburi                          Tumungkul

              Sing katon eseme Ibu kang tulus                   Sikil abot jumangkah
              Kanthi paningal bening                            Nanging

              “Budhala Ngger, anakku.                           Eling paningal bening asta alus lan

              Sekolaha sing pinter golek ngelmu                 esem tulus
              Ngudi undhaking pangerten jambaring kawruh.       Kang bola-bali ngelus rambutku

              Angles rasaningati                                Kanthi lubering tresna asih

              Esem kang tulus iku                               Binareng tumiyuping samirana

              Netra kang bening iku                             Pulih otot bebayuku
              Saiki wis ora bisa maneh                          Ibu, keng putra mituhu nyuwun

              Nguntapake budhalku sekolah                       pangestu

              Ibu wus sumare katimbalan ing Gusti
              Ing regol kene atiku nratap                              Gunadi Aryo, 2012

                                                                       “Kumpulan Gurit Bocah”
   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14