Page 7 - PowerPoint Presentation
P. 7

B. Gancaran Tembang Pangkur



                Tembang pangkur ing dhuwur dianggit/dikarang isine bab kabecikan supaya kabeh

          wong urip ngerti babagan tumindhak ala lan tumindhak becik lan pantese ilmu kuwi mau
          ditindakake uga bab tata krama kuwi kabeh kudu disinau kanthi tumemen saben dinane.

                               Pangkur

                       Sekar pangkur kang winarna

                       Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

                       Ala lan becik puniku

                       Prayoga kawruhana
                       Adat waton puniku dipun kadulu

                       Miwah ingkang tata krama

                       Den kaesthi siyang ratri





          Terjemahan bebas mawa basa Jawa:

          Wewarah/piwulang iki kaemot (dimuat) mawa tembang Pangkur, prayogane kok mangerteni,

          bab pengabdian marang panguripan, bab apik lan ala perlu dimangerteni uga, perlu uga

          dimangerteni adat lan aturan. Saben dinane aja padha nglalekake tata krama.

          Terjemahan bebas mawa basa Indonesia:


          Nasihat ini dimuat dalam tembang Pangkur. Seyogyanya kamu memahami hakikat

          pengabdian bagi kehidupan, tentang baik dan buruk perlu kamu ketahui. Pahami pula adat

          dan aturan, serta siang malam jangan kau lupakan tata krama tersebut.
   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12