Page 4 - PowerPoint Presentation
P. 4

Ringkesaning Piwulangan









         A. Ngrungokake Tembang Pangkur

              Tembang macapat cacahe ana 11 (sewelas). Salah sawijining tembang macapat yaiku
         tembang pangkur. Tembang utawa sekar pangkur handarbeni watak maringi pitutur (nasihat).
         Pitutur iku bisa ditujukake marang anak, keluarga, lan sapanunggalane. Ana uga sing ngarani
         pangkur iku kadadean saka tembung mungkur. Kang ateges mungkur utawa mundur saka
         babagan kadonyan.

         Paugerane Tembang Pangkur


                                                                    Guru      Guru       Guru
                             Tembang pangkur
                                                                    gatra     lagu     wilangan

            Se-kar│pang-kur│kang│wi-nar-na                         1         a        8


            Le-la-bu-han│kang│kang-go│wong│nga-u-rip               2         i        11

            A-la│lan│becik│puniku                                  3         u        8


            Pra-yo-ga│ka-wruh│a-na                                 4         a        7


            A-dat│wa-ton│pu-ni-ku│di-pun│ka-du-lu                  5         u        12

            Mi-wah│ing│kang│ta-ta│kra-ma                           6         a        8

            Den│ka-es-thi│si-yang│ra-tri                           7         i        8





            Tembang pangkur kang katulis ing duwur iki duweni paugeran: guru gatra cacah 7, guru
            lagu (a,i,u,a,u,a,i) lan guru wilangan (8,11,8,7,12,8,8).
   1   2   3   4   5   6   7   8   9