Page 9 - 129.cdr
P. 9

Kréasiswa



            Wijang Maring Sugihé Bandha                     Urip Waspada neng Alam Dunya
            Sinawung tembang Kinanthi                       Sinawung tembang Dhandhanggula

            Gunung sing dhuwur-dhuwur                       Dunya kuwé papan gladhi
            Seambané bumi                                   Nggo sapadha-padha awak
            Édi péni mawa samudra                           Luru ngélmu tuladhané
            Tetep asor sedawané mangsa                      Sing mesthiné meguru
            Tetep éling, angger kabéh bakal owah            Semebar lantaran  dadi gladhi
            Manut kuwasané Gusti                            Aja ngrusak kekancan
                                                            Tetepa mbangun tata krama
            Wit-witan janglot sing muncuk                   Ngilari sembrana
            Woh-wohé ra migunani
            Endhépé wit semangka                            Maring sakabéhé tata budhi pakarti
            Jelas kasilé legi                               Kudu aris lan waspadha
            Asal urip  thuma'ninah
            Gemedhé nggrungsang ati
                                                            Nahidl Iqbanul Anam
                                                            Kelas 9 I MTs Negeri 1 Kebumen
            Sastra pengruwating diyu
            Dipunwajib déugemi
            Nemu urip sing prasaja
            Mati ninggal prasasti
            Asal gemedhé, ilangna
            Mapan jati rasa jati


            Welas asih padha tetulung
            Awasna obahé ati
            Takdir kawit gowa garba
            Nék kowé sing pancén sugih
            Ora prelu gemedhé
            Kabéh kagungané Gusti



            Fahmi Malik Namus Akbar
            Kelas 8 D MTS Negeri 1 Kebumen





















                                                                       129/Taun XI/Februari 2021  ANCAS  9
   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14