Page 16 - TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI
P. 16

4) Critakna  maneh  isine  teks  asil  observasi  ing  dhuwur  nganggo
                            basamu dhewe!
                            .................................................................................................
                            .................................................................................................

                         5) Gawea duduten isine critamu, banjur tulisen pesan moral/amanah
                            kang tinemu ing teks laporan asil observasi kasebut!
                            .................................................................................................
                            .................................................................................................

                         6) Jlentrehna relevansi pesan moral saka teks asil observasi kasebut
                            karo  kahanan  jaman  saiki  kanthi  bukti  kang  nyengkuyung
                            pranyatamu!
                            .................................................................................................
                            .................................................................................................

                        7)  Wacanen asil dhiskusi klompokmu ing ngarep kelas kanthi santun.
                            Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung cetha,
                            uga bisa menehi panyaruwe/saran!

                        8)  Sawise  dhiskusi,  sampurnakna  garapanmu  kanthi  migatekake
                            usulan-usulan lan panyaruwe saka klompok liya sarta pamanggihe
                            Bapak/Ibu  Gurumu.  Sawise  garapanmu  sampurna,  kumpulna
                            marang Bapak/Ibu Guru minangka tugas klompok!

                   Tugas 2 :  Nggawe Teks Laporan Asil Observasi
                            Sadurunge sliramu  nggawe teks  laporan  asil  observasi, luwih  dhisik
                   tindakna  observasi  utawa  pengamatan  tumrap  teknologi  sing  ana  ing

                   sakupenge  desamu.  Upamane  anane  betor (becak  motor)  sing  dienggo
                   antar-jemput bocah sekolah, anane mesin kanggo ngrontokake pari, anane
                   mesin  parut  klapa,  lan  sapanunggale.  Nalika  nganakake  pengamatan
                   sliramu  kudu  nganakake  wawan-rembug  karo  narasumber.  Sapa  ta
                   narasumber?  Narasumber  iku  pawongan  kang  bisa  menehi  sesurupan,
                   katrangan,  dhata,  informasi  tumrap  samubarang  kang  lagi  dideleng
                   (diobservasi).  Supaya  anggonmu  nindakake  wawancara  utawa  wawan-
                   rembug bisa lancar lan runtut, luwih becik  gawe pedhoman wawancara.
                   Apa  iku  pedhoman  wawancara?  Pedhoman  wawancara  iku  arupa  dhaftar
                   pitakonan kang arep ditakonake marang narasumber.



                   Kirtya Basa IX                                                        15
   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21