Page 17 - TEKS LAPORAN ASIL OBSERVASI
P. 17

Gladhen:
            Gawea  klompok  kanthi  anggota  4-5  siswa.  Tindakna  pakaryan  wawan-
            rembug  karo  narasumber    gegayutan  karo  teknologi.  Sawise  kabeh  mau
            koklakoni,  tulisen  asil  pengamatanmu  wujud  laporan  kaya  tuladha  ing
            dhuwur!

                   No.       Judhul Asil     Dhefinisi     Dheskripsi      Dheskripsi
                 Klompok      Observasi       Umum           Bagean          Manfaat







            Tugas 3: Nanggapi Teks Laporan Asil Observasi
                  Sawise  rampung  anggonmu  nggarap  laporan  asil  observasi,  asil
                  tulisan klompokmu wacanen ing ngarepe kanca-kancamu! Coba saiki
                  wenehana tanggapan/ panyaruwe saka garapane klompok liyane!

            Tugas 4 : Nulis Ukara Nganggo Aksara Rekan lan Angka Jawa
                  Kanggo  nambah  kawruhmu  babagan  aksara  Jawa,  ing  pasinaon  iki
            kapunjerake bab panulisan aksara rekan lan angka Jawa.

            1)  Aksara Rekan.
                     Aksara  rekan  yaiku  aksara  kang  direka  utawa  digawe  kanggo
            njangkepi cacahe aksara kang bisa katulis nganggo aksara Jawa. Gunane
            aksara rekan kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih
            tembung  saka  basa  Arab.  Menawa  ora  dicethakake,  yen  kang  katulis  iku
            tembung manca, mung cukup katulis nganggo aksara lumrah wae. Cacahe
            aksara rekan iku ana lima, dene wujude aksara rekan kaya ing ngisor iki :


               k+         f+            p+             j+            g+



               kha        dza           fa             za            gha








            16                                                           Kirtya Basa IX
   12   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22