Page 10 - 1902101010_Tasya Dian Mulliana_Bahan Ajar (Autosaved)
P. 10

C. Maca Teks Dheskripsi Kanthi Nyaring



                Maca teks dheskripsi, sakliyane nganggo teknik maca

         tanpa swara, bisa uga kanthi nyaring / banter swarane. Sanajan

         banter ananging kudu nganggo aturan supaya dimirengke

         endah. Teknik maca iki biyasane digunakake para presenter

         ing radhio utawa televisi. Ing ngisor iki bab-bab kang kudu
         digatekake nalika maca teks dheskripsi.


             a. Swara

                Swara kudu sora utawa banter supaya kabeh pamireng

         utawa pamiyarsa bisa krungu apa kang kawedhar ananging ora
         kena ana kesan nggetak utawa galak.


             b. Basa

                Basa kang digunakake kudu di ronce adi ukara kang
         trepkaro pamiyarsa kang ana. Pilihan tembung kang luwes,

         becik, supaya kepak dirungokake


             c. Subasita

                Nalika maca, solah bawa lan cara matur aja di gawe-gawe.
         Saliyane iku, ora prayoga kakehan obah. Becike anteng,

         manteb ananging ora kaku.



             d. Parap

                Patrape utawa sikep nalikane maca, yaiku ing antarane
         jumenenge jejeg  ananging ora kaku, sikil ora mepet utawa

         mbegagah, ora ndhingklukutawa ndhangak, ora kakehan obah,

         lan pandangan madhep pamiyarsa.


















                                                              10
                                                                                                          7
   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14