Page 7 - 1902101010_Tasya Dian Mulliana_Bahan Ajar (Autosaved)
P. 7
Nyimak teks
dheskripsi
Kebun Teh Jamus
Kebun Teh Jamus mapan ana ing kutha Ngawi. Papan iki
kelebu papan wisata unggulan kang bisa adi jujugane para
wisatawan. Saben wayah preinan mesthi akeh para wisatawan
sing padha plesiran ing papan kene. Saliyane hawane adhem,
ing papan iki uga nyuguhake sesawangan kang endah
nyengsemake ati ati. Nalika para wisatawan mlebu ing papan
iki disuguhi wit-witan the kang ijo royo-royo. Ing papan kono
uga, ana sawijining sumber lanang lan sumber wadon kang
banyune gemrijik, bening, tur seger. Mula, ora mokal menawa
papan iki dadi aset wisata kang perlu dilestsrekake.
(Kapethik saking Tantri Basa Kelas 5)
7
4

