Page 24 - BAHAN AJAR FLIPBOOK
P. 24

Sawise Citrasoma tekan ing Kraton Pengging, dheweke banjur ngendika marang sang Rama,

        yen kabeh sing dirungu iku bener, ana ing pereng  wetan Gunung Merbabu iku ana wiku kang

        sakti, wicaksana, luhur budine. Pangeran Citrasoma uga matur marang ramane yen wiku mau

        nduwe anak prawan ayu kang ditresnani lan dheweke kepengen omah-omah karo anake sang wiku

        mau.


              Prabu  Kusuma  Wicitra  uga  sarujuk  lan  menehi  restu  marang  lelorone.  Prabu  Kusuma

        Wicitra  banjur paring dhawuh marang Citrasoma supaya tapa ana ing lereng Gunung Merbabu


        patang puluh dina patang puluh wengi uga nyuwun tulung dhateng raja jin ing ing kono kang

                                                     asmanipun  Prabu  Karawu.  sawise  oleh  piweling  saka

                                                     sang  rama Pangeran  Citrasoma  banjur  budhal  netepi

                                                     pangandikanipun Wiku. Patang puluh dina patang puluh

                                                     bengi  kliwat  karo  macem-macem  godaan  lan

                                                     pungkasane  raja  jin,  yaiku  Prabu  Karawu,  teka  lan

                                                     nyarujuki panyuwune Pangeran kanggo nggawe mata air


                                                     sing dijaluk dening Wiku.


                                                           Sawise  Pirang-pirang  dina  banjur  katon  tuk  ing

                                                     sacedhake  padepokan  Pangeran  Citrasoma,  rasa

                                                     seneng banget weruh bab iku dheweke banjur mudhun

        menyang padepokan ngaturake kabar marang Syeh Maulana Malik Ibrahim Maghribi. Sawise

        krungu crita mau, Syekh Maulana Malik Ibrahim Maghribi lan Sang Wiku enggal-enggal rawuh

        ana ing sendhang-sendang lan padha padha sungkem atur panuwun marang Sang Hyang Tunggal.

        Kedadean sing aneh sawise dideleng banyu sing metu saka sumber tuk iku ora lurus nanging


        mlengkung kaya keris pendok, pungkasane Syekh Maulana Malik Ibrahim Maghribi ngendika yen

        sumber kasebut diarani Tuk Sipendok. Banjur Citrasoma mboyong Nawangsih menyang kerajaan

        Pengging.














        23 | S M P   K E L A S   V I I
   19   20   21   22   23   24   25   26   27   28   29