Page 12 - C:\Users\Admin\Documents\Flip PDF Professional\KIRTYA BASA 8 teks layang pribadhi\
P. 12

Kegiatan 3 : Nulis Teks Layang Kiriman Kanthi  Mandhiri


                      Ing  kegiatan  iki  para  siswa  kanthi  mandhiri  nulis  layang  kiriman  kang
               ditujokake marang sanak sedulure sing ana ing njaba kutha. Nalika nulis layang
               kudu digatekake wewaton panulisan layang sing wis diandharake ing piwulangan
               sadurunge. Upamane pamilihe tembung, unggah-ungguh basa lan liya-liyane.

            Tugas 1 : Nulis Layang Pribadi
                 Kanggo nggampangake anggonmu nggarap tugas 1, coba gatekna prentah ing
                 ngisor iki!
                 1. Layang ditulis kanggo bapak lan ibumu ing desa.
                 2. Wose layang, awakmu aweh kabar menawa sasi ngarep wis wayahe mbayar
                   sekolah. Awakmu njaluk kiriman dhuwit.
                 3. Tanggal, panggonan, jeneng dijumbuhake karo papan dunungmu saiki.


            Tugas 2 : Maca Teks Layang Pribadi

                 Sawise  rampung  anggonmu  nulis,  layang  sing  wis  rampung  koktulis  mau
                 wacanen ing ngarepe guru lan kanca-kancamu!



























            102                                                                KirtyaBasa VIII
   7   8   9   10   11   12