Page 45 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 45

6. Nalika salah siji klompok maragakake teks drama, klompok liyane
                             nyemak pamaragan mau, banjur lembar pengamatan ing ngisor
                             iki centhangen.

                         Jeneng    Olah Vokal   Interpretasi   Olah Tubuh   Ekspresi   Jumlah
                          Siswa                    Teks
                                  1  2  3  4  1  2  3  4  1  2  3  4  1  2  3  4






                   Kegiatan 3 :  Mangun Teks Drama kanthi Mandhiri

                   Kegiatan manun teks drama kanthi mandhiri dilakoni kanthi latihan nulis teks
                   drama lan menehi komentar teks drama karangane kancane.

                   Tugas 1: Latihan Nulis Teks Drama

                           Adhedhasar pasinaonmu babagan struktur teks drama, bocah- bocah
                     bisa latihan nulis teks drama. Kanggo mujudake , coba tindakna pakaryan
                     iki:
                        1.  Goleka  inspirasi  saka  ngendi  bae  bebas,  bisa  saka  kasunyatan,
                           pengalaman pribadi, crita cekak, novel lan liya-liyane, kanthi tema
                           gotong royong, sing penting kudu nggawe dhewe.
                        2.  Asil tulisan teks drama dikumpulake rupa file lan print out.
                        3.  Dawane teks drama karanganmu  + 3-5 kaca.
                        4.  Print out diedhit bebarengan, ijol-ijolana karo kancamu.
                        5.   File diedhit, banjur dicithak, didadekake buku kanggo portofolio, uga
                           diserahake perpustakaan sekolah.
                   Tugas 2 : Ngapresiasi  Teks Drama Karangane Kancane
                          Kanthi  tugas  1  bocah-bocah  wis  nuduhake  yen  pranyata  nduweni
                   kompetensi ngarang teks drama. Kanggo mangerteni kuwalitas teks drama
                   karanganmu, tindakna pakaryan iki:
                       (1) Ijolna teks drama karanganmu karo  karangane kancamu.
                       (2) Apresiasinen miturut struktur intrinsike teks drama kasebut kanthi
                           nggunakake basa Jawa kang becik.
                       (3) Yen wis rampung, garapanmu aturna Bapak/ Ibu Gurumu




                                                                                                 43
   40   41   42   43   44   45   46