Page 40 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 40

135.  Yoyok:  Gak  perlu  wedi, Rud.  Buktine  aku  bola-bali  nyolong  motor
                                aman-aman  wae.  Ora  nate  ketangkep  polisi.  (Rudi  katon
                                bimbang)
                   136.  Harto : Ora usah dipikir jero-jero. Saiki putusna, kowe sida melu apa
                                ora? Ora melu kanggoku ya ora masalah. (sedhakep).

                   137.  Yoyok: Wis ta Rud, melu wae. Menawa awakmu wedi, ya melu pisan
                                wae. Mengko lak wis cukup digawe tuku PS3.
                   138.  Rudi  : Lha terus mengko motore didol ing ngendi?
                   139.  Harto  :  Ha…  Ha…  Goblok!  (ngethak  Rudi)  Ya  jelas  wis  ana
                                penampunge  ta  Rud.  Aku  iki  bosmu  sing  bakal  dadi
                                penampunge. Takjamin, barange taktuku kanthi rega dhuwur.
                   140.  Yoyok: Piye Rud? Sida melu apa ora?
                   141.  Rudi  : Ya wis, aku melu. Nanging mung pisan iki wae.
                   142.  Harto  :  Iya…  ora  apa-apa.Selamat  bergabung  ya!  Muga-muga
                                sukses…  oleh  akeh.  (nyalami  karo  ngguyu).  Wis  saiki  bubar
                                dhisik.
                   143.  Yoyok: Mas… Aku  takwiwit beraksi mulai sesuk ya?
                   144.  Harto  :  Ya,  sasenengmu  (Harto  ngalih,  Yoyok  lan  Rudi  uga  melu
                                ngalih).

                   Adegan 5
                   Ing  sacedhake  wadhuk,  ana  rong  pawongan  kang  lagi padha  arep
                   mancing.
                   145.    Salam : (teka ing wadhuk luwih ndisik) Uweh… Sajake motormu
                                      anyar Min?
                   146.    Karmin: (mesam-mesem) Iya, nanging kredit kok kang.
                   147.    Salam : Gak masalah kredit apa ora, sing penting kan duwe motor
                                   anyar. Motormu dhekeken kono wae lho! Ben ora panasen.
                   148.    Karmin:  Iya…  wis  oleh  pira  anggonmu  mancing  Kang?  (lungguh
                                    nyedhak Salam)
                   149.    Salam  : Durung oleh apa-apa. Anggonku mancing iya lagi kok.

                   Rudi lan Yoyok banjur njudul ndhepis-ndhepis.

                   150.    Yoyok : Rud, delengen kae ana motor anyar ing ngisor wit!
                                (nudingi motor).
                   151.    Rudi  : Iya… Aku ngerti.
                   152.    Yoyok :  Sajake  ora  dikunci.  Ayo  dicedhaki  wae  (Rudi  ngetutne
                                Yoyok, mlaku alon-alon karo clingukan).
                   153.    Yoyok  : (sawise cedhak karo motor) Rud, endi kuncine?
                   154.    Rudi  : (ngelungne kunci marang Yoyok) Nyo,...
                   Ing sisih liya Karmin kang lagi mancing, krasa ora kepenak atine.

                   155.    Karmin: Kang… rasane atiku kok ora kepenak ya kang… (resah).


                                                                                                 38
   35   36   37   38   39   40   41   42   43   44   45