Page 39 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 39

109.  Rudi  : Halah… iku kan mung gosip Tom. Buktine dheweke ya apik
                         karo aku.
            110.  Tomo  :  Ya  wis…   menawa  awakmu  angel  dikandhani,  aku  mulih
                         dhisik, wis ditunggu ibuku. (Tomo ngalih)
            111.  Yoyok : Rud, sida apa ora? Menawa ora… taktinggal ya! (karo
                         jumangkah ngalih)
            112.  Rudi  : Iya… ya… enteni (nyusul Yoyok ngalih).

            Adegan 4
              Rudi lan Yoyok nunggu wong kang bakal dikenalake Yoyok ing warung.
              Rudi katon goreh atine.

            113.   Rudi  : Yok endi ta wonge? (clingukan)
            114.   Yoyok: Sabar ta Rud, sedhela maneh lagi teka. Mau wis tak sms
                         kok.
            115.   Tukang Warung : Ngenteni sapa ta, Yok?
            116.   Yoyok: Ngenteni Mas Harto, Pak.
            117.   Tukang Warung: Mau wonge ya lagi bar saka kene kok. (ngelungne
                         es pesenane Yoyok)
            118.   Yoyok: Rud, kowe ora tuku ngombe pisan ta? Mengko tak
                         bayarane.
            119.   Rudi  : Ora usah, Yok. Aku ora ngelak kok.
            120.   Tukang  Warung:  Nyesel  lho  mengko  menawa  ora  njajal  ese  Pak
                         Sabar… dijamin enak.
            121.   Rudi  : Nggih pun, Pak. Es campur setunggal.
            122.   Yoyok: Lha kae mas Harto, Rud! (karo nudingi).
            123.   Harto : (nyalami Rudi lan Yoyok) Iki ta bocah sing arep kokkenalake
                         aku?
            124.   Yoyok: Iya mas. Jenenge Rudi.
            125.   Harto : Lha terus iki piye? Arep kokjak bisnis pisan ta?
            126.   Yoyok:  Nggih  mas.  Insya  Allah.  (Rudi  lan  Yoyok  banjur diajak
                         minggir karo mas Harto, rada ngadoh saka warung).
            127.   Harto : Yok, critakna apa gaweane awake dhewe, (Yoyok nuduhake
                         kunci sing dicekel).
            128.   Rudi  :  Maksude  apa  Yok?  Aku  ora  mudheng  (kukur-kukur  sirahe
                         sing ora gatel).
            129.   Yoyok: (mbisiki Rudi) Gaweanku… nyolong motor.
            130.   Rudi  : Apa… Nyolong motor? (rada njerit, kaget).
            131.   Yoyok: Sssst… aja banter-banter. Mengko mundhak krungu wong
                         akeh. Bisa gawat.
            132.   Rudi  : Edan… Aku emoh… aku ora melu.
            133.   Yoyok:  Rud,  awakmu  apa  wis  lali  menawa  pengin  PS3?  Iki  cara
                         golek dhuwit paling gampang Rud…
            134.   Rudi  :  Iya… Tapi  aku  wedi  ketangkep  polisi.  Uga  wedi  menawa
                         dosa marang Gusti Allah.

                                                                                                 37
   34   35   36   37   38   39   40   41   42   43   44