Page 34 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 34

10.  Tomo  : Coba delengen iku… (nglirik marang Rudi). Sajake kancane
                                dhewe iki wiwit mau kok meneng wae.
                   11.  Salim : (mbisiki Hasan lan Tomo) Rudi ayo digetak wae yuk! Hasan
                                lan Tomo banjur manthuk bareng.
                   12.  Hasan : Siji… loro… telu…
                   13.  Salim, Hasan lan Tomo (bebarengan) : Hoe… awit mau kok nglamun
                                wae?
                   14.  Hasan : Ana apa ta Rud?
                   15.  Rudi  : (mung mesem)
                   16.  Tomo  : Wis ta Rud… crita wae menawa ana masalah! Awake dhewe
                                kan kanca.
                   17.  Salim : Iya Rud, bener iku apa jarene Tomo. Apa awakmu mangkel
                                karo awake dhewe jalaran ngajak awakmu dolan.
                   18.  Rudi  : Ora kok ora… (karo ngobahne tangan).
                   19.  Tomo  :  Sepurane  ya  Rudi....  Awake  dhewe  ing  kene  mung  pengin
                                supaya kowe bisa ngerti njaba, ora mung ing ngomah, sinau
                                terus. (melas, ngerasa salah)
                   20.  Rudi : Ora kok ora… aku mung gumun wae nonton wong sliwar- sliwer.
                   21.  Tomo, Hasan lan Salim :  Ha… ha… (ngguyu cekakakan bebarengan)
                   22.  Rudi  : (bingung) Lha nyapa padha ngguyu? Aneh ta?
                   23.  Salim : (karo ngempet ngguyu) Makane  ta Rud, dadi wong aja
                                mung sinau wae.
                   24.  Rudi  : (mesem) Iya… iya… mula saiki aku pengin kaya awakmu kabeh.
                                Bisa dolanan, bisa cangkrukan… ah… (unjal ambegan jero)
                   25.  Hasan : Waduh… gawat iki ! (nuthuk sirahe) Lim, awakmu iki warah-
                                warah sing ora-ora wae…
                   26.  Salim : Warah-warah apa ta? Aku ora mudheng…
                   27.  Hasan : Lha iku mau… Marahi Rudi sing ora-ora. Masak Rudi kokwarahi
                                dolanan. Akhire Rudi ora bisa sinau. Lha terus mengko menawa
                                awake  dhewe  ujian,  terus  awake  dhewe  ora  bisa,  sapa  sing
                                marahi menawa Rudi ora sinau?
                   28.  Salim : (mikir) Oya.. ya… San. Menawa ngono sapa sing arep marahi
                                awake dhewe?
                   29.  Tomo  :  Wis  kumat,  geger  maneh…  geger  maneh…  Rudi  iku  bocah
                                pinter, mesthi wae mengko dheweke bisa ngatur wektune.
                   30.  Hasan : O… ya… ya.., bener. Kok goblok temen ta, aku iki?





                                                                                                 32
   29   30   31   32   33   34   35   36   37   38   39