Page 29 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 29

Tugas 3 :  Nyemak Unsur Basa Teks Drama

                   Andharan ing ngisor iki semaken!
                   a. Ciri Basane Teks Drama
                   Cirine  teks  drama  sing  baku  mesthi  rupa  dhialog,  sing  rupa  gancaran
                   lumrahe rupa katrangan-katrangan sing ngenalake tokoh sasipat lan watake,
                   situasi, swasana sing arep digambarake ing teks drama.
                   Tuladhane:
                   Teks dhialog:
                   Sudra:  Iya…ya…!  Sak  karepmu!!,  Heh  tapi  aja  kesuwen  lehmu  leren  lo,
                             amerga awake dhewe wis dipasrahi koran karo Ko Mehong, dina
                             iki kudu setor akeh, Dri.
                   Badri:  Iya Dra, aku ngerti. Yo wis mari ngene tak ngadegk banjur ider koran
                             maneh.

                   Teks Gancaran:
                   Pungkasane perjuangane bocah loro iku mung bisa dirasakake seneng lan
                   bungah marang salah siji bocah thok, ora liya yaiku Badri. Banjur Sekolah,
                   lha yen pas wayahe libur sekolah utawa dina minggu Badri mulih nang omah
                   wong tuane sing asli, uga ora lali nyambangi kancane sing isih dadi loper
                   koran ing dalanan  ending.

                   b.    Unggah-ungguh basa
                   Unggah-ungguh  basa  manut  trap-trapane  tembung  kang  digunakake  ing
                   ukara, ana rong perangan gedhe yaiku ukara  nganggo  tembung  krama
                   lan tembung ngoko. Krama ana loro yaiku krama alus lan krama lugu,
                   semono  uga  ngoko  uga  ana  loro  yaiku  ngoko  alus  lan  ngoko  lugu.
                   Tuladhane:
                   Sudra : Ora usah kakehan omong Dri. Wong tuwa iki gek ayo dijunjung neng
                                ngemper toko kono. (Badri lan Sudra ngangkat kanthi kleweran
                                wong tuwa mau menyang emperan tokone cina singdodolan
                                koran) ngoko lugu.
                   Bu Surantani :(sinambi nyerbeti piring, Bu Dira omong dhewe). Mbah Kung,
                                yahmene kok durung kondur iki parane tindak ngendi wae ta?
                                Apa  kira-kira  mampir  pasar,  apa  mampir  neng  ngendi  ya?
                                Biasane  ora  suwe  kaya ngene  lek  mung  mundhut  obat bae.
                                ngoko alus.
                   Sudra :Nami kula Sudra. Griya kula Kedungwaru. Mbah, kados pundi menawi
                                njenengan kula dherekaken kondur? krama alus.


                                                                                                 27
   24   25   26   27   28   29   30   31   32   33   34