Page 26 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 26

nang omah wong tuwane sing asli.  Uga ora lali nyambangi kancane sing
              isih dadi loper koran ing dalanan  Ending.
                  Bausastra
                  keju                 : kesel, pegel, linu
                  inik-inik            : alon-alon
                  dhilut               : sedhela
                  kere                 : mlarat, miskin
                  idham-idhaman        : kekarepan, cita-cita, gegayuhan
                  emperan               : tera

                        Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
                      1)  Sapa kang nglamun amarga korane durung payu?
                      2)  Lelamunan  buyar amarga apa?
                      3)  Apa kepenginane bocah loro kanggo urip saben dinane?
                      4)  Sapa juragane bocah loro mau? Kepriye watake?
                      5)  Sapa sing ditulungi dening bocah loro mau?
                     6)  Pawongan mau semaput amarga apa?
                     7)  Apa piwalese wong tuwa mau tumrap bocah loro mau?
                     8)  Kena apa Sudra ora sida sekolah?
                     9)  Kepriye nasibe Badri?
                     10)  Piwulang apa kang bisa kapethik saka lakon drama mau?

                     Tugas 2: Nintingi Struktur Teks  Drama

                            Sawise nyemak pethikan teks drama ing dhuwur, menawa
                     ditintingi  manut bleger/ strukture wujude kaya mangkene:
                     a.  Dhialog, yaiku teks sing isine omong-omongane Badri, Sudra, Mbah
                         Surantani, lan  Abah Mehong.
                     b.  Tema, saka pethikan teks drama ing dhuwur bisa didudut manawa
                         temane masalah sosial.
                     c.  Tokoh, tokoh  ing pethikan  teks  drama ing  dhuwur  Badri,  Sudra,
                         Mbah Surantani, lan Abah Mehong.
                     d.  Plot
                         1) Eksposisi utawa tetepungan, dikenalake lumantar:
                             Prolog lan adegan 1, tokoh : Badri, Sudra, latar waktu (dina iki),
                             panggonan lan kahanan (prapatan pasar Manukan, panas).
                             adegan 2 :   tokoh Mbah Surantani, Abah Mehong, latar waktu
                             (awan), panggonan lan kahanan ( emper toko, panas)
                         2)  Komplikasi, ing kono titikane wiwit ana prakara, prakara koran
                                                                                                 24
   21   22   23   24   25   26   27   28   29   30   31