Page 23 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 23

maneh lho ya..!!
             16.        Sudra: Iya…ya…! Sakarepmu!!, Heh tapi aja kesuwen lekmu leren lo,
                        amerga awake dhewe wis dipasrahi koran karo Ko Mehong, dina iki
                        kudu setor akeh, Dri.
             17.        Badri: Iya Dra, aku ngerti. Yo wis mari ngene takngadeg banjur ider
                        koran maneh.
             18.        Sudra: Ya…Ya ngono ta, dadi bocah ki sing greget.

                   Adegan 2
                     Ing pinggir dalan, sawatara ana wong lanang tuwa liwat ing ngarepane
                     bocah  loro  mau.  Wong  tuwa  iku  pasuryane  pucet  kaya-kaya  wektu  iku
                     dheweke lagi nandhang lara. Badri lan Sudra nyawang kamitenggengen.
                     Dumadakan  wong  lanang  tuwa  mau  tiba  njungkel  sinambi  nyekel
                     dhadhane. Wasana tanpa dikomandhoni, Badri lan Sudra banjur nulungi
                     wong tuwa iku.

              19.  Badri  :  Eeeee..ee.  Wadhuh…!  Geneya  to  wong  tuwa  iki?  Dra…dra
                           tulungana aku, Dra! Abot banget awake!
              20. Sudra: Ora usah kakehan omong, Dri. Wong tuwa iki gek ayodijunjung
                           neng ngemper toko kono. (Badri lan Sudra ngangkat kanthi
                           kleweran wong tuwa mau menyang emperantokone Cina sing
                           dodolan koran)  Komplikasi 2
              21.  Badri :  Mbah Lanang iki mesthi bae duwe lara jantung, Dra!
              22.  Sudra: Ayo Dri ndang dilumahne! Banjur takwenehane bantuan napas
                           kaya  neng  tipi-tipi  kae.  Dhadhane  takangkat-angkate.  (Ora
                           watara suwe wong lanang tuwa mau banjur bisa ambegan lan
                           bisa sadhar)
              23.  Mehong:Haiiiyaa…Ada apa dengan ni olang?
                 (Singkek  Mehong  krungu  swarane  bocah  loro  iki  neng  ngemperane
                 toko,  banjur  metu  nanging  ora  ngrewes  marang  apa  kang  dilakoni
                 bocah loro iku marang wong tuwa. Banjur dheweke mlebu maneh neng
                 toko.
              24.  Badri  :  Mbah…mbah,  wungu  mbah  mangga  diunjuk  Mbah.  Mangga
                           Mbah, dipuntelasken!
                  (Wong tuwa sing jenenge Surantani) mau ngombe banyu. Banjur, ora
                  let suwi wong tuwa iku tangi)

              25.  Mbah Sura: Matur nuwun, Nak. Kowe kabeh bocah bagus kang becik
                           atimu. Matur nuwun, aku wis ditulungi.
                                                                                                 21
   18   19   20   21   22   23   24   25   26   27   28