Page 18 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 18

Drama Modern




                   Gambar ing ngisor iki setitekna!













                             gambar 4.1                        gambar 4.2












                             Gambar 4.3                        gambar 4.4

                   Gambar ing dhuwur kuwi tuladhane pagelaran drama modern. Yen
               disetitekake gambar pagelaran drama kuwi beda, paragane lan critane.
               Bedane katitik saka panggung/papan pentase, barang-barang sing ana
               ing  panggung/property,  lampu/sunar  ing  panggung,  klambi  utawa
               panganggo sing dienggo paraga. Sanajan mangkono gambar ing dhuwur
               tetep mujudake pagelaran drama modern. Sing bakal disinaoni ngenani
               drama  Jawa  modern,  yaiku  (1)  ngidhentifikasi  struktur  teks  drama,
               nintingi ragam basa ing drama modern, paraga/tokoh, lan pesan moral
               drama; (2) piye carane nulis teks lan skenario drama; (3) main drama lan
               menehi  tanggapan  nalika  kancane  main  drama.  Ananging  sadurunge
               kuwi, wangsulana pitakon ing ngisor iki!
                       1. Apa tau ndeleng pementasan drama?
                       2. Yen tau ndeleng pementasan drama, apa lakone?
                       3. Ana ing adicara apa pementasan drama mau digelar?
                       4. Apa tau melu pementasan drama?
                       5. Yen tau melu, dadi apa ing pementasan mau?
                       6. Ana ngendi pementasan drama sing tau kokeloki?


                                                                                                 16
   13   14   15   16   17   18   19   20   21   22   23