Page 19 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 19

Kegiatan 1:  Wangun Teks Drama Modern


                          Drama yaiku crita panguripan sing dipindhah lan diwujudake ana ing
                   panggung,  kanthi  kreativitase  panulis  teks/naskah,  disengkuyung  karo
                   paraga-paraga liyane, rupa pacelathon/dhialog,  lan tingkah laku.
                          Ing  saben  pementasan  drama  perangan  kang  paling  penting  lan
                   luwih dhisik kudu ana, yaiku teks drama lan piye carane nulis teks drama.
                   Teks drama modern menawa ditintingi bisa kaperang dadi loro, yaiku (1)
                   blegere  teks  dumadi  saka  struktur  teks,  unsur  basa,  lan  nilai  moral/budi
                   pekerti, relevansi nilai budi pekerti, lan (2) carane nulis teks drama prasaja
                   (sederhana).
                          Teks  drama  bisa  diarani  drama  wutuh  yen  dipentasake,  mula  ing
                   wulangan  iki  uga  bakal  kaandharake  sapa  bae  sing  nyengkuyung
                   pementasan drama lan piye carane main drama.
               1. Bleger/ wujud teks drama bisa dideleng saka perangan wewangunan
               utawa struktur sing bisa mangun wacan lan perangan basa kang
               dumadi saka panganggone tembung, lan ukara.
               a. Struktur teks drama/naskah drama dumadi saka dhialog, tema, tokoh,
                  plot.
                  1)  Dhialog : pacelathon kang kudu diucapake para paraga, anggone
                      ngucapake kanthi penghayatan slaras karo tokoh sing diperanake.
                  2)  Tema  :  inti  crita  sing  digunakake  nemtokake  lakune  crita  lan
                      tujuane.
                  3)  Tokoh :  paraga  sing  dadi  lakon  ing  drama,  lakune  slaras  karo
                      karakter/watak sing ana ing crita drama.
                      Kanggo  nguripake  tokoh  ing  lakon  drama  lumrahe  wis
                      ginambarake  kanthi  lengkap,  watak,  kapribadene  lan  ciri  –  ciri
                      fisike.
                  4)  Plot  :  alur  utawa  rerangken  sing  ngrakit  crita  ing  teks/naskah
                      drama,  nanging  uga  ing  saben  adegan,  ditemokake  plot.  Plot
                      dumadi saka:
                      a) Eksposisi : perangan paparan sing nepungake tokoh, menehi
                         katrangan    ngenani,    papan    panggonan,     wektu    lan
                         swasana/situasi,  uga  paparan  ngenani  rengrengan  crita  sing
                         arep  dipentasake.  Lumrahe  rupa  sinopsis  crita,  sing
                         ngandharake paparan mau arane narator.
                      b) Komplikasi : konflik/masalah awal sing ndadekake crita wiwit

                                                                                                 17
   14   15   16   17   18   19   20   21   22   23   24