Page 20 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 20

lumaku, ana tantangan lan gayeng ing saben-saben adegan.
                      c) Klimak : konflik-konflik ing adegan-adegan muleg dadi konflik
                         puncak utawa klimak.
                      d) Anti klimak: klimak ing saben adegan nyawiji lan wiwit
                         nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet
                      e) Ending/resolusi : kawusanane crita.
               b. Unsur basa:
                  Unsur  basa  sing  diandharake  lan  ditintingi  diwatesi  ana  ing  wujud
                  rakitane  teks,  yaiku  teks  dhialog  lan  gancaran.  Teks  dhialog
                  minangka  teks  sing  bakal  dilisanake  para  paraga,  salaras  karo
                  panulisane  ukara  langsung/  lisan  lan  salaras  uga  karo  trap-trapane
                  basa. Teks gancaran bisa manggon ing awal arane prolog, ing akhir
                  diarani  epilog  sing  diwacakake  dening  narator/  dhalang,  uga  bisa
                  wujud andharan sing ana sesambungane karo panggung lan apa bae
                  sing sing kudu diparagakake paraga. Relevansi nilai budi pekerti kang
                  nggathukake,  nyambungake,  lan  nyocogake  nilai  budi  pekerti  karo
                  panguripan ing jaman saiki.

                   2. Nulis teks drama
                      Lakone  teks  drama  sumbere  saka  lelakon  ing  kasunyatan  uripe
                      manungsa, nanging bisa saka lelakon sing wis rupa crita (cerkak, novel)
                      utawa saka liya-liyane. Ing ngisor iki carane nulis teks drama prasaja:
                      a.  Milih  tema  sing  bisa dadi  inspirasi,  tema  sing dipilih  sing  dianggep
                         paling dramatik/  ana konflik (pertentangan).
                      b.  Saka tema, nemtokake plot.
                      c.  Nemtokake tokoh lan penokohan (sifat, watak, perilaku, ciri fisik, lsp.).
                      d.  Nulis crita jangkep.

                   3.  Main Drama
                      Dhasar-dhasar main drama.
                      Paraga/pemeran bisa maragakake lan nguripake tokoh sing ana ing teks
                      drama kudu paham lan nguwasani dhasar-dhasare main drama. Dhasar-
                      dhasar main drama sing paling penting kudu dikuwasani, yaiku:
                      a.  Interpretasi : paraga/pemeran kudu bisa nginterprestasekake teks/
                         naskah drama salaras karo tokoh sing diparagakake.
                      b.   Ekspresi : sesambungan karo owah-owahan praen/wajah sing bisa
                         nggambarake lan nguripake tokoh ing drama.
                      c.  Olah tubuh : obahing awak wiwit saka pucuk rambut ngantos pucuk
                         sikil sing bisa nuwuhake greget lan nguripake tokoh ing drama.

                                                                                                 18
   15   16   17   18   19   20   21   22   23   24   25