Page 21 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 21

d. Olah swara : kajelasan, katepatan vokal, artikulasi, dan intonasi.



                 Tugas 1: Nyemak Teks Drama
                       Teks drama sing digunakake kanggo materi ing kegiatan 1 iki kanthi irah-
                 irahan ”Bali Sekolah” kang jangkepe dumadi saka 6 adegan. Ananging kanggo
                 keperluan ing kegiatan 1 dipethik saperangan adegan.

                 Adegan 1
                       Badri  mlaku  alon-alon  kanthi  nglamun  ing  trotoar.  Koran  saktumpuk
                 digendhong ing pundhake durung ana sing payu. Dina iku ora kaya padatan,
                 panase nylomot bunbunan nganti gosong. Raine rada gosong, gulune asat,
                 ngelak  lan  luwe.  Swarane  kendharaan  ing  prapatan  pasar  Manukan  iku
                 gemrubug nambahi ati susah.  Eksposisi
              1.  Badri:  (sinambi  mripate  nyawang  langit  biru  kang  panas)  ”Saupama  wong
                          tuwaku sugih, aku numpak Honda kang kinyis-kinyis utawa montor
                          gedhe  sing  kinclong-kinclong,  ora  bakal  aku  dodolan  koran  kaya
                          ngene iki. Wiwit bar subuh mau sikilku wis mecaki dalan-dalan ing
                          kutha Surabaya, ngalor, ngulon banjur ngidul nganti tekan prapatan
                          kene.  Rasane  dlamakanku  perih,  dhengkulku  keju  kabeh.  Nganti
                          yahapa suwene lehku dodolan ki mengko, Dra?”
              2.  Sudra: (Mlaku inik-inik saka buri arep ngagetake Badri kang isihnglamun
                         banjur  nggepuk  pundhake)  ”Weh…,  mikir  apa  ta,  Dri  kowe
                         kuwi? Ora apik lo wong mlaku karo nglamun kuwi. Bisa njalari
                         cilaka”.
              3.  Badri :  Jambret!!!  Kaaaaaget aku, le!
              4.  Sudra:  Huaahaha….!!!!
              5.  Badri : Heh…Aja kok baleni maneh yo!! Gawe kaget wae. Heh, iki mau
                         kowe teka ngendi? Apa wis mangan esuk ki mau?”
              6.  Sudra: Aku?...Durung, Dri. Aku mau wis mlaku mubeng-mubeng wiwit
                         saka terminal, ngalor Tandhes, terus ngidul nganti tekan kene.
                         Setorane koran durung cukup nggo tuku mangan. Aku ora wani
                         tuku sarapan dhisik, jane no wetengku iki ya wis luwe banget,
                         nanging ya kudu takempet, lha arep piye maneh?”
                         komplikasi 1
              7.  Badri : Apa maneh aku, koranku wae durung ana sing payu. Kapan ya
                         awake  dhewe  bisa  mangan,  nek  sawayah-wayah  luwe  kari
                         mangan, apa maneh bisa cukup dhuwit kanggo mampir neng
                         dhepot  Rumadi,  utawa  dhepot  liyane  sing  uenak-enak

                                                                                                 19
   16   17   18   19   20   21   22   23   24   25   26