Page 22 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 22

panganane?”
              8.  Sudra: Iya, mampir thok. Ora tuku…!! Udelmu kuwi Dri mangan neng
                         Rumadi.  Kowe  ki  ora  usah  mikir  sing  ndhakik-ndhakik!  Wis
                         begja awake dhewe ki bisa mangan pisan sedina, apa maneh
                         arep mangan neng dhepot, ya awake dhewe iki bisane mangan
                         sing enak-enak sawise awake dhewe dadi wong sugih. Kerja
                         dhisik sampek dhuwite nglumpuk.
              9.  Badri :  Nanging kepiye ya carane supaya awake dhewe iki bisa mangan
                         enak-enak  saben  dina?  Apa  maneh  dadi  wong  sugih  kaya
                         bocah-  bocah  liyane  sing  anake  pegawai  negri  lan  pejabat?
                         Kaya Cina-Cina kuwi? Apa selawase awake dhewe iki arep dadi
                         bakul  koran?  Iya  ya,  saupama  wong  tuwaku  iku  sugih,  aku
                         mesthine  ora  dadi  kere  kaya  ngene,  aku  bisa  nerusake
                         sekolahku  sampek  SMA  banjur  kuliah  sing  pinter,  ben
                         kepenginanku  dadi  guru  bisa  kaleksanan.  Halah…,  embuh!!!
                         Dra, apa wong tuwamu wis oleh kartu BLT? Iki lo, Dra.., britane
                         neng Jawa Pos dina iki pamerintah arep ngedum kartuBLT.
              10. Sudra: Wiiiss….rak usah ngayawara!! Ya mesthine durung ta, Dri. Hla…
                         britane wae lagi metu dina wingi, paling dhilut engkas ya ndang
                         oleh. Apa wong tuwamu taun kepungkur ya oleh BLT?
             11.        Badri: Ya mesthi no, Dra wong tuwaku oleh BLT, kudune pancen ngono!
                        Lamun ta taun iki ora oleh BLT, wong tuwaku sangsaya dadi mundhak
                        kerene, hla wong taun kepungkur senajan oleh BLT, wong tuwaku wae
                        isih kere. Apa maneh saiki? Ya panggah dadi kere.
             12.        Sudra: Urip iki aja mbokgetuni ta, Dri…! Kudune koklakoni kanthi ikhlas,
                        sapa ngerti ing liya dina awake dhewe mengko oleh rejeki saka sing
                        Maha Kuwasa lan bisa urip mulya kaya sing kokidham-idhamake, Dri…,
                        bener rak?
             13.        Badri: Amin. Ya…, muga-muga wae, Dra. Aku ya ora kesel jane lehku
                        ndonga lan usaha kanggo ngowahi nasibku. Nanging Gusti Allah pancen
                        durung maringi wektu sing pas kanggo awake dhewe.
             14.        Sudra: Wis ta, Dri, saiki awake dhewe kudu nyambut gawe sing sregep
                        supaya kabeh apa kang dikarepake awake dhewe bisa kagayuh, luwih
                        apik yen bisa kedadean luwih cepet.
             15.        Badri: Amin…Tapi aku saiki sik pengin leren, Dra. Ya karo mbayangake
                        urip kepenak ki piye to jan-jane ngono, apa kaya bayanganku mau sing
                        sadurunge kowe mau mrene? Wis kowe ngaliha wae utawa yen kowe
                        pengin  melu  leren,  ya  lungguha  kene  tapi  aja  ngganggu  aku



                                                                                                 20
   17   18   19   20   21   22   23   24   25   26   27