Page 15 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 15

Tugas 2 : Ngembangake Cengkorongan Dadi Teks Pidhato

                           Yen wis digawe cengkorongane kari gampang ngembangake
                  adhedhasar cengkorongan mau. Kanthi mangkono, samubarang kang
               kudu kawedhar ora bakal kliwatan. Ana ing pasinaon iki ayo padha sinau
              medharake cengkorongan kang wis kokgawe ana ing tugas sadurunge iki.
                   Aja lali nalika njangkepi wedharan mau tetap nggolek informasi saka
                    Bapak/ Ibu Guru, karyawan sekolah apadene kanthi cara browsing
              internet ngenani apa kang bakal kokandharake ana ing pidhato.

              Gladhen :
                 Cengkorongan sing wis kokgawe ana ing gladhen sadurunge iki
                 kembangna dadi teks pidhato jangkep !

            Tugas 3 : Nindakake Pidhato
                   Sinau pidhato ora mung tekan nulis teks pidhato wae, nanging teks
              sing wis kasil kogawe iku kudu bisa kotampilake. Sing perlu digatekake
              menawa kita nindakake pidhato, yaiku:

               a. Materi pidhato (bocah-bocah wis duwe teks pidhato);
               b. Mental (kudu percaya diri);
               c. Busana (kudu migunakake busana sing trep karo swasana);
               d. Solah  bawa  (ora  pareng  nindakake  pakaryan  sing  ora  samestine,
                  tuladhane, kukur-kukur merga kurang nguwasani materine, lsp);
               e. Kudu migatekake para rawuh, ora mung ndeloki teks terus;
               f.  Ngerti tatakrama lan subasitane wong pidhato.

            Gladhen :
                 Wacanen teks pidhato sing wis kokgawe ing ngarep kelas!

            Wektu maca kudu digatekake :
            (1) Tatakrama, busanane, tindak tanduke lan sapanunggalane.
            (2) Diwaca kayadene wong pidhato temenan.
            (3) Gatekna kanca-kancamu, aja  nyawang teks terus.
            (4) Wacanen kanthi banter, jelas supaya bisa dingerteni isine sing
                kokandhakake.











                                                                                                 13
   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20