Page 10 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 10

Kegiatan 2: Mangun Teks Pidhato  Kanthi  Klompok

                          Pasinaon iki katindakake kanthi klompok, mula kelas kaperang dadi
                   klompok-klompok cilik kanthi anggota 4-5 siswa. Asile dhiskusi klompok bisa
                   dipresentasekake luwih dhisik ana ngarep klas utawa dikumpulake langsung
                   marang Bapak/ Ibu Gurumu.

                    Tugas 1 : Nintingi Isi Teks Pidhato
                    Semaken teks pidhato ing ngisor iki!


                               PIDHATO NGEMBANGAKE KEWIRAUSAHAAN


                        Nuwun
                        Assalamualaikum wr.wb

                              Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-Bapak
                        saha  Ibu-Ibu  guru  ingkang  satuhu  kula  bekteni,  mitra  kula  kakung
                        punapa  dene  estri  ingkang  kula  tresnani.  Puji  syukur  tansah  katur
                        dhumateng  Gusti  Ingkang  Maha  Agung  ingkang  sampun  paring
                        kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sadaya, saengga ing
                        wekdhal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng boten wonten
                        alangan satunggal punapa.
                             Wonten ing kalodhangan punika kula badhe ngaturaken babupaya
                        ngembangaken  kewirausahaan.  Saderenge  matur  kathah,  kita  kedah
                        magertosi  punapa  ingkang  kawastanan  wirausaha.  Wirausaha  inggih
                        punika daya kangge madeg (Ind: kemampuan untuk mandiri), mardika
                        lair batin, sumber ningkataken kapribaden, satunggaling prosestiyang
                        pados kalodhangan usaha, mujudaken sifat mental saha jiwa ingkang
                        tansah aktif, kedah saged nglampahaken, mumpuni, mangertosi saha
                        gadhah pengalaman kangge njurung kreativitas.
                             Boten kedah muluk-muluk kados pangertosan kala wau, jer kita
                        taksih SMP. Kula kinten kita cekap mangertosi lan saget nyinau kados
                        pundi  ta  kita  saged  ningali  kalodhangan  punapa  ingkang  saged
                        dipunrembakakaken  dados  usaha  ingkang  saged  mbiyantu  nyekapi
                        kabetahan kulawarga.
                             Kathah sanget ing sakiwa tengen kita ingkang sajatosipun saged
                        ngasilaken,  nanging punika  wau kantun kaprigelan  saha ketrampilan

                                                                                                 8
   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15