Page 5 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 5

ora  bisa  sakepenake  dhewe  ngandharake  masalah  jalaran  wis  ana
                  naskah kang kudu diwaca dening pamicara.

              2.  Kahanan Setengah Resmi
                  Pidhato  jinis  iki  tetep  ngetokake  kesan  resmi,  nanging  ora  kaiket
                  wektu, isi tetep kudu runtut, nanging isih bisa dikembangake ora kaiket
                  dening naskah, upamane srah trima penganten. Pidhato jinis iki uga
                  jamak  lumrahe  katindakake  ora  nganggo  naskah  cukup  cathetan
                  sacuwil isi pokok-pokoke.

              3.  Kahanan Ora Resmi
                  Pamicara  bisa  ngandharake  babagan  kang  pas  karo  kahanan  lan
                  pamirenge, ora kaiket dening wektu. Upamane ana ing patemon warga
                  ngrembug  kanggo  apike  RT  kang  ditindakake  dening  Pak  RT  karo
                  warga kanthi santai.

            Pidhato miturut tujuane kaperang dadi telu :
              1.  Menehi hiburan
                  Pidhato jinis iki katindakake nalika ing acara pahargyan, acara hiburan,
                  kang tujuane iku gawe sumringah, seneng utawa gumbira. Pamicara
                  mung  ngandharake  babagan  kang  nyenengake  uga  nganggo  basa
                  kang kepenak.
              2.  Menehi Kawruh
                  Pidhato  jinis  iki  isine  ngandharake  babagan  kanthi  sacetha-cethane
                  supaya pamirenge mangerti kanthi jelas. Pamicara bisa nganggoconto,
                  bandhingan,  katrangan  lan  liya-iyane  kang  migunani  supaya  luwih
                  gamblang.
              3.  Pangajak-ajak
                  Pidhato jinis iki pamicara ngandharake alasan, bukti, lan conto kanggo
                  ngajak pamirenge supaya tumindak padha utawa jumbuh karo kang
                  dikarepake. Pidhato jinis iki biasane katindakake nalikane kampanye
                  utawa promosi.

            Miturut carane, pidhato kaperang dadi papat yaiku:
              1. Mawa teks utawa naskah (methode maca).
              2. Ngapalake naskah pidhato.
              3. Ekstemporan: ngapalake wose banjur ngrembakakake wicara nalika
                 pidhato. (njlentrehake cengkorongan pidhato)
              4. Impromptu:  pidhato  sing  ditindakake  kanthi  spontan  (tanpa
                  persiapan


                                                                                                 3
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10