Page 4 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 4

1. Apa  kang  ditindakake dening  paraga-paraga kang  ana  ing video lan
                        gambar- gambar dhuwur!
                     2. Ana ing prastawa apa kahanan iku katindakake?
                     3. Apa tujuane paraga-paraga kasebut nindakake kaya kang ana video
                        lan gambar iku?

                   Kegiatan 1:  Wangun Struktur Teks Pidhato

                   Pidhato (Sesorah)
                         Pidhato  yaiku  medharake  gagasan kanthi  lisan  ing  sangarepe  wong
                   akeh. Pidhato uga diarani medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda
                   tegese omongan.
                    Urut-urutane pidhato:
                      a.  Salam Pambuka
                         Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha
                         sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam
                         liyane.
                     b.  Purwaka
                         Isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung.
                     c.  Isi/ wigatining pidhato/ surasane
                         Medharake apa bae kang dadi wigatining pidhato.
                     d.  Pangarep-arep
                         Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang
                         dadi gegayuhane bisa kaleksanan apadene pitutur.
                         Tuladha: Sing lulus sekolah bisa nerusake ing pamulangan sing luwih
                                   dhuwur. Sing ditinggal bisa mbangun miturut marang bapak
                                   lan ibu guru. (Manawa iku adicara pepisahan ing sekolah)
                     e.  Panutup: Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa
                         anggone pidhato ana kaluputan ing bab basa lan tindak- tanduk.
                     f.  Salam panutup
                          Ngaturake salam marang para rawuh.

                   Miturut kahanane, pidhato kaperang dadi telu:
                     1. Kahanan Resmi
                         Lumrahe  ditindakake  dening  para  pejabat  ana  ing  acara  resmi,
                         upamane  pidato  kenegaraan,  upacara  HUTKEMRI,  upacara
                         HARDIKNAS kang kabeh mau pidato ditindakake sarana nganggo teks
                         resmi. Pidhato jinis iki kaiket dening wektu lan isine. Pamicara




                                                                                                 2
   1   2   3   4   5   6   7   8   9