Page 9 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 9

Tugas 2 : Nintingi Ragam Basa Pidhato Resmi Lan Ora Resmi

                        Yen kita wis maca katrangan ngenani pidhato ing dhuwur, ing kana wis
                        diandharake menawa pidhato iku ana kang kagolong pidhato resmi lan
                        ora resmi. Pidhato resmi iku katindakake mawa teks lan ora oleh uwal
                        saka teks kang wis disamaptakake. Swasana ing kono swasana resmi,
                        isine wis tartamtu lan adhedhasar wewaton kang gumathok. Basa kang
                        digunakake uga migunakake basa kang baku, dene pidhato kang ora
                        resmi ora ngugemi tatanan kang kaya ing pidhato resmi.
                   Gladhen :
                        Ing gladhen iki bocah-bocah kudu bisa mbedakake cirine basa pidhato
                        resmi lan ora resmi. Tindakna pakaryan iki:
                       1. Goleka tuladha teks pidhato resmi lan ora resmi  !
                       2. Jingglengana basa kang digunakake ing teks pidhato werna loro mau!
                       3. Apa bedane antarane teks pidhato resmi lan teks pidhato ora resmi ?
                       4. Kanggo nggampangake isenana tabel ing ngisor iki!

                                   Bedane Pidhato Resmi Karo Pidhato Ora Resmi

                            No         Pidhato Resmi                Pidhato Ora Resmi


                                 .....................................   .....................................
                            1    .....................................   .....................................

                                 .....................................   .....................................
                            2    .....................................   .....................................



                                 .....................................   .....................................
                            3    .....................................
                                                               .....................................
                                 .....................................   .....................................
                                 .....................................   .....................................
                            4    .....................................
                                                               .....................................
                                 .....................................   .....................................
                                 .....................................   .....................................
                            5    .....................................
                                                               .....................................
                                 .....................................   .....................................




                                                                                                 7
   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14