Page 11 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 11

kita ngolah dados barang punapa dene jasa ingkang saged ngasilaken
                        arta.  Upaminipun  kemawon  sedherek  kita  ingkang  trampil
                        ndadosakenkain  perca  (pipihan)  dados  barang  ingkang  mumpangati,
                        kados tas, rerenggan, keset, timpal, lan sapanunggalane. Wonten malih
                        ingkang saged ternak peksi import love bird ingkang sapunika reginipun
                        sae sanget.
                             Kula  piyambak  gadhah  sedherek  kapernah  paklik  ingkang
                        sajatosipun panjenenganipun  kepingin  dados  pegawai  negeri.  Amargi
                        dereng rejekinipun, ngantos sapunika taksih dereng dipuntampi dados
                        pegawai negeri, kamangka piyambakipun sampun krama lan sampun
                        kagungan putra. Sapunika sampun lumayan sukses nyekapi kabutuhan
                        rumah  tangganipun  saking  usaha  ternak  lele,  malah-malah  asilipun
                        langkung kathah tinimbang gaji pokok pegawai negeri golongan III.
                             Wiwitanipun    usaha    inggih   namung     nyobi-nyobi,   krana
                        pekaranganipun wiyar panjenenganipun nyobi ternak lele. Dhasar mara
                        sepuhipun pegawai dinas peternakan, dados saged ngangsu kawruh bab
                        ternak  lele.  Sapunika  pekarangan  ingkang  wiyar  wau  owah  dados
                        blumbang-blumbang ingkang isinipun ulam lele, wiwit saking lele babon,
                        anakan,  ngantos  lele  siap  konsumsi.  Saben  diten  wonten  kemawon
                        tiyang rawuh wonten dalemipun saperlu pados bibit lele punapa dene
                        mundhut lele ingkang dipunkonsumsi. Asilipun ternak punika sampun
                        saged  nyekapi  kabetahan  kulawarganipun,  malah  kepara  langkung-
                        langkung.
                             Punika wau namung satunggaling tuladha, kita kedah saged pados
                        kalodhangan usaha, mujudaken sipat mental saha jiwa ingkang tansah
                        aktif, kedah saged nglampahaken, mumpuni, mangertosi saha gadhah
                        pengalaman kangge njurung kreativitas supados punapa ingkang kita
                        idham-idhamaken saged kaleksanan.
                             Kajawi  usaha  punika  saged  mbiyantu  saha  nyekapi  kabutuhan
                        kulawarga kita ugi saged mbiyantu pamarintah ngiragi pengangguran
                        saha ningkataken kesejahteraan masyarakat.
                              Mugi-mugi kita sedaya sageda mujudaken, ampun ngantos kita
                        malah nambah angka pengangguran wonten ing Indonesia. Kita kedah
                        saged  mangertosi,  mumpuni,  pados kalodhangan  usaha  sarta  kedah
                            saged nglampahaken, supados kita saged dados patuladhan, boten
                        gumantung dhumateng tiyang sanes, boten perlu keraya-raya nyuwun
                        utawi pados pandamelan ingkang wusananipun menawi boten pikantuk,
                        dados nambahi pengangguran wonten ing negari kita Indonesia punika.
                             Kula kinten cekap semanten atur kula, mugi-mugi punapa ingkang
                        kula aturaken punika  samangke saged mumpangati
                                                                                                 9
   6   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16