Page 12 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 12

dhumateng  kita  sedaya, amin.  Wusana  bokbilih wonten  lepatipun
                        anggen kula matur, kula nyuwun samodra pangaksami.

                        Nuwun.
                        Wassalamualaikum wrwb.

                      Bausastra
                      satuhu kinormatan  : banget diormati
                      satuhu kula bekteni : banget anggonku mbekteni
                      mitra               : kanca
                      wilujeng            : slamet
                      kalodhangan         : wektu kang longgar (ind: kesempatan)
                      kawastanan          : diarani
                      ngrembaka           : dadi akeh (ind:berkembang)
                      ngangsu kawruh       : golek ngelmu
                      keraya-raya          : kangelan

                    Gladhen:
                        Kanthi mangun klompok kang anggotane 4-5 siswa, wangsulana
                        pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!
                           1) Pidhato ing wacan kasebut iku ngenani apa?
                           2) Apa kang diarani wirausaha iku?
                           3) Miturut pidhato iku, kita sing isih SMP iki apa sing kudu
                             ditindakake?
                           4) Sapa kang dadi tuladha pamicara, sing usahane ternak lele?
                           5) Apa  sing  dadi  tuladha  iku  mau  pancen  kepengine  dadi
                             pengusaha lele?
                           6) Kepriye wiwitane dadi pengusaha lele?
                           7) Saliyane  bisa  kanggo  nambah  apadene  kanggo  nyukupi
                             kabutuhan kulawarga, apa mumpangate kanggo negara?
                           8) Apa pangarep-arepe sing pidhato marang kita kabeh?
                           9)  Sadurunge salam panutup, apa kang diaturake?
                           10) Yen wis kokwaca wutuh wacan sesorah ing dhuwur, sing bisa
                             kokjupuk dadi patuladhan?

                   Tugas 2: Nulis Struktur Teks Pidhato
                           Urut-urutane teks pidhato wis tau diwedarake ana ing ngarep. Ing
                     sajroning  teks  pidhato  iku  kang  wigati  urutane,  yaiku:  salam  pambuka,
                     purwaka,  isi/wigatining  pidhato/surasane,  pangarep-arep,  panutup,  lan
                     salam panutup.


                                                                                                 10
   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17