Page 7 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 7

Bausastra
                  nir               : luput, ora kena, ora nganggo
                  sambekala          : bebendu, alangan
                  pawiyatan         : pamulangan, sekolahan
                  serawungan        : kekancan
                  mranani           : nyenengake, gawe seneng
                  panggalih         : pikiran, ati
                  pangajab           : pangarep-arep (harapan)
                  mbangun miturut  : bekti, manut, ngugemi apa sing dadi tatanan
                  benceng ceweng  : galap gangsul, klira-kliru, salah

              Wangsulana  pitakonan-pitakonan ing  ngisor  iki kanthi  klompok  kanthi
              anggotane saben klompok 5-6 siswa!
                 1) Sapa kang pidhato ana wacan kasebut?
                 2) Sawise salam lan ngaturake puji syukur marang Gusti Allah, apa
                   sing dikandhakake marang adhik kelase?
                 3) Apa sing njalari abot pamicara pepisahan karo adhik-adhike?
                 4) Pepeling  apa  kang  dadi  pangarep-arepe  pamicara  marang  adhik-
                   adhike?
                 5) Apa  kang  tansah  didongakake  pamicara  kanggo  para  siswa kang
                   isih ana ing sekolah iku?
                 6) Pamicara uga nyuwun didongakake apa marang adhik-adhike?
                 7) Ana pungkasaning atur, sadurunge salam pamicara ngaturake apa?
                 8) Apa sababe yen ngomong apa bae marang wong liya, embuh
                   marang wong akeh apadene ana ing layang tansah dipungkasi kaya
                   jawabanmu nomer 7?
                 9) Apa tegese ukara iki ”Mugi-mugi kula kula sakanca saged
                   nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil”?
                 10)     Yen wis kokwaca wutuh wacan pidhato ing dhuwur, apa isine?


                   Gladhen:
                         Kaya andharan sadurunge, teks pidhato nduweni struktur. Tindakna
                         pakaryan iki:
                         1) Gatekna lan wacanen maneh teks pidhato sing wis kokwaca!
                         2) Pilah-pilahen miturut perangan/ strukture teks pidhato mau!









                                                                                                 5
   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12