Page 32 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
P. 32

Tugas 4: Nintingi Nilai Moral lan Relevansi Nilai Moral Teks Drama
                        Saben karya sastra nduweni nilai moral kang kawedhar. Andharan ing
                        ngisor iki semaken!
                        a.  Nilai budi pekerti/pesan moral
                            Saben  asil  karya  sastra  ditulis,  diwaca  utawa  dipentasake  kaya
                            drama tujuan utamane kanggo panglipur. Panglipur ati sing kebak
                            nilai budi pekerti bisa dadi patuladhan.
                            Nilai budi pekerti utawa pesan moral bisa dijupuk saka isine teks
                            drama kanthi njinglengi watak lan perilakune paraga ing teksdrama.
                            Tuladhane:
                            1) Tokoh  Badri  lan  Sudra,  watak  seneng  tetulung  marang  wong
                               liyan, sopan, mandiri, gelem rekasa, semangat dhuwur.
                            2)  Abah  Mehong:  kasar,  mung  mikir  kepentingan  dhewe,  lan
                               sapanunggalane.

                        b.  Relevansi isi crita karo kahanan jaman saiki.
                            Kadadean  kaya  ing  teks  drama ing dhuwur  mung  salah  siji saka
                            maewu-ewu  kedadeaan  ing  panguripan.  Tokoh-tokoh  ing  teks
                            drama dhuwur uga makili saperangan saka paraga-paraga nyata ing
                            panguripan. Paraga Badri, Sudra, Mbah Surantani kang nduwenisifat
                            seneng tetulung, mandiri, gelem tetulung, sopan pantes dituladha.


                              Pepeling

                              1. Tujuan panulisan lan pamacan pinangka panglipur kang bisa
                                dijupuk nilai budi pekerti, pesan moral lan hikmahe.
                              2. Fungsine wacan crita wayang saliyane kanggo panglipur uga
                                marisake  nilai  budi  pekerti,  norma-norma,  budaya  dan  adat
                                istiadat.



                   Gladhen:
                   Sawise nyemak lan nyianaoni teks drama ”Bali Sekolah” bocah-bocah mesthi
                   nemokake piwulang moral utawa budi pekerti kang kena kanggo patuladhan.
                      (1)   Coba, dheskripsekna piwulang moral utawa budi pekerti dadi
                           saparagrap kang kurang luwih dumadi saka 10 ukara.






                                                                                                 30
   27   28   29   30   31   32   33   34   35   36   37