Page 33 - BAHASA JAWA KELAS 9 SEM 2
        P. 33
     (2)   Garapanmu  mau  kejaba  katulis  nganggo  aksara Latin, salinen
                   menyang aksara Jawa.
               (3)  Wacanen garapanmu ana ngarepe kanca-kancamu.
            Kegiatan 2 :  Mangun Teks Drama  Bebarengan
              Semaken teks drama ing ngisor iki!
                                          RUDI LAN PS3
              Ing  bug  sacedhake  prapatan,  katon  nom-noman  kang  lagi  padha
              cangkrukan.
            1.  Tomo : Cangkrukan sore-sore ngene iki enak banget ya? (sambi molet)
            2.  Hasan : Iya Tom, bener. Aku ya seneng banget, bisa ngerti wong sliwar-
                         sliwer.
            3.  Salim : Padha… Aku iya. Amerga… aku ora perlu nunggu toko ing omah.
                         (ngadeg)
            4.  Hasan  :  (ngethak  Salim)  Pancen  anak  duraka  kowe  iku  Lim…  Lim…,
                         dikongkon mbokmu jaga toko kok  malah dolan.
            5.  Salim  :  (ngendha  saka kethakane  Hasan)  Heh…  San,  awakmu  ikikok
                         ngethak-ngethak wong sakenake dhewe wae? Kok kira akuiki
                         anakmu ngono ta?  (rada nesu)
            6.  Hasan  :  Ya  ora  ngono Lim…  Mung  aku  iki  ora tega  karo  ibumu,  wis
                         randha  duwe  anak  siji  wae  kok  angel  menawa  dikongkon
                         rewang-rewang… (sinambi ngelus dhadha). Apa awakmu ora
                         mesakake mbokmu?
            7.  Salim : Ya jelas ngesakake ta, San. Tapi aku cah enom kan yapengin
                         dolan  barang.  Mosok  are  neng  omah  terus…  Boring  man…
                         boring! (karo tangane melu obah-obah, ekspresif)
            8.  Hasan  :  Perasaanku  wiwit  biyen  gaweanmu  mung  dolan  thok.  (karo
                         nglirik, nyindir salim)
              Salim mangkel atine krungu kocape Hasan kang kaya mengkono iku.
              Salim lan Hasan banjur thuthuk-thuthukan. Tomo sing awit mau ndeleng
              wong liwat sliwar-sliwer, nyoba misah kekarone.
            9.  Tomo : Wis… wis (misah kekarone). Gawe apa ta gelut-gelutan. Awake
                         dhewe iki kekancan, ora patut engkel-engkelan kaya ngene iki.
                         Wis saiki ayo padha salaman!
              Salim lan Hasan banjur salaman. Tapi Salim isih krasa mangkel sethithik.
                                                                                                 31
     	
