Page 9 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 2)
P. 9
Pasinaon 2:
Nggancarake Teks Tembang Macapat
Bebarengan
Ing pasinaon 2 bocah-bocah bakal sinau carane nggancarake
teks tembang macapat. Ana rong jejibahan sing kudu ditindakake,
yaiku: 1) ngowahi teks tembang macapat dadi gancaran nganggo
basa ngoko lan krama, 2) ngganepi cakepane tembang nganggo
tembung sing pas.
a. Carane nggancarake tembang macapat:
1. Yen ana tembung-tembung sing angel golekana tegese
nganggo kamus.
2. Yen wis ketemu tegese gathukna maneh karo tembung-
tembung sing ana ing tembang.
3. Supaya luwih cetha gancarane, bisa disambung karo
tembung tugas , umpamane tembung sesulih, tembung
panggandheng, tembung katrangan, lan sapanunggalane.
Tuladhane:
Cakepan Tembang Tegese Tembang
Mingkar mingkuring angkara, ngatur mobah-mosike hawa
napsu
akarana karenan mardisiwi, jalaran kepengin nggula-
wenthah para putra
Sinawung resmining kidung, karakit lumantar endahing
tembang
Sinuba sinukarta, direrengga (dihias) laras
wiramane
Mrih kertarta pakartining supaya kaleksanan pranata-
ngelmu luhung, ne panembah marang
Pangeran
Kang tumrap wong tanah kanggone wong ing laladan
Jawa, Jawa
Agama ageming aji. Agama busana sing paling
utama
Tantri Basa kelas 6 kaca 26