Page 21 - Flipbook Crita Rakyat
P. 21

Kegiyatan 2


            Ayo saiki wacanen teks crita rakyat ing ngisor iki!


                                                    Pantaran






            Sawijining tlatah ing  lereng Gunung  Merbabu ing sisih  wetan ana dharatan kang  hawane

        adhem. Lemah kang subur banget ndadekake tanduran nganti nutupi lereng gunung gawe tambah

        endahing sesawangan alam.


              Ana ing papan iku ana wiku kang kondhang sekti, wicaksana, luhur budi pekertine, saben-


                                                           saben paring pitulungan marang wong-wong kang

                                                           kesusahan  lan  paring  tuntunan  masyarakat

                                                           supaya bisa rukun lan tentrem. Wiku mau duweni

                                                           anak kang arane Nawangsih.


                                                                 Suwe-suwe Wiku iku  tansaya misuwur ing

                                                           saindenging dhaerah, nganti keprungu ing Kraton


                                                           Pengging,  Sang  Prabu  Kusumawicitra  duweni

           Sumber: Dening Panulis                          niyat  kanggo  mbuktekake  kasunyatane  crita.

                                                           Banjur  Sang  Prabu  Kusumawicitra  nimbali

        putrane,yaiku Citrasoma. Sang rama dhawuh supaya Citrasoma menyang lereng wetan gunung

        Merbabu kanggo nemoni Sang Wiku, lan yen pancen Wiku ana, Citrasoma kudu sinau karo wiku

        mau. Sawise nyuwun restu  marang kang rama, Citrasoma banjur tindak dikancani abdine cacah

        loro. Kanthi niyat bekti marang sang rama, Citrasoma karo abdine kang cacah loro mau, nglewati


        lembah lan lereng kanggo nggoleki Wiku iku.














        20 | S M P   K E L A S   V I I
   16   17   18   19   20   21   22   23   24   25   26