Page 22 - Flipbook Crita Rakyat
P. 22

Nalikane Citrasoma tekan ing lereng kang ditanduri jejanganan kang subur, ana prawan ayu

        lagi methiki janganan. Sanalika Citrasoma marani bocah wadon mau banjur takon ngendi omahe.

        Krungu pitakonan ngono iku bocah wadon mau ora mangsuli lan mlayu wedi amarga ngira bakal

        diganggu dening wong kang ora bener.


              Ngerti bocah wadon mau mlayu mesthi wae, Citrasoma gage-gage ngoyak nganti bocah

        wadon mau tekan sawijining omah lan langsung mlebu. Citrasoma nututi tekan njero nanging

        sadurunge njaluk ijin dhisik lan sawise diijini mlebu padha ngenalake awake dhewe sing jebule


        ora  liya  yaiku  Nawangsih,  putrane  Wiku.    Citrasoma  banjur  ngenalake  awake  dhewe  lan

        nerangake maksud lan tujuane tekan ing papan kono. Banjur Citrasoma ditampa dadi murid.


              Saben  dina  bareng-bareng,  suwe-suwe  Citasoma  nandang  tresna  marang  Nawangsih,

                                                                semono  uga  Nawangsih.  Amarga  padha-

                                                                padha  tresna,  Citrasoma  banjur  matur

                                                                marang sang Wiku. Ananging sang Wiku ora

                                                                langsung  mangsuli  lan  luwih  dhisik  njaluk

                                                                pitutur  marang  Syekh  Maulana  Malik


                                                                Ibrahim Maghribi babagan perkara iki.


                                                                      Sawise  njaluk  pitutur,  Sang  Wiku

                                                                mangsuli     marang      Citrasoma,     menawa

                                                                lamarane     ditampa      nanging    sadurunge
       Sumber: Dening Panulis
                                                                Citrasoma  kudu  gawe  sendhang  kang  bisa

        kanggo panguripane wong akeh. sawise oleh katrangan kaya ngono mau, Citrasoma bali menyang


        Pengging saperlu nglaporake menyang ramane.




















        21 | S M P   K E L A S   V I I
   17   18   19   20   21   22   23   24   25   26   27