Page 12 - MODUL Bhs Jawa Budaya mantu
P. 12

1. Pasang tratag lan Tarub

                     Pasang tratag ingkang dilajengaken pasang tarub. Ciri tarub


                     inggih menika ingkang mokoki rerenggan janur lan paesan

                     liya kanthi manca warni


                 2. Kembar Mayang

                     Saking  tembung  kembar  tegesipun  sami,  kaliyan  mayang


                     tegesipun  sekar  jambe  utawi  Kalpataru  Dewandaru,

                     lambang  karemenan  lan  sugeng.  Wondene  kawiwahan


                     sampun  cekap,  kembar  mayang  dilabuh  wonten  ing

                     prapatan  mergi,  samudra,  lan  sapanunggalanipun  kagem


                     maksud  supados  pengantin  ugi  eling  kaliyan  asal-usul

                     gesangipun  inggih  punika  saking  Bapak  kaliyan  Ibu

                     dumados  perantaranipun  Gusti  Pangeran  Ingkang  Maha


                     Kuwaos.  Barang-barang  kagem  kembar  mayang  inggih

                     punika:


                          a) Wit gedhang 2-3, kangge paesan. Kados biasanipun

                              dipun  paringi  slemek  saking  tabung                          ingkang


                              kadamel saking kuningan.

                          b) Empring aur kangge penusuk (sujen)


                          c) Janur kuning, ± 4 lir

                          d) Gegodhongan:  godhong  kemuning,  ringin,  sarta


                              rencek-rencekipun,  godhong  apa-apa,                          godhong

                              girang kaliyan godhong andhong.

                          e) Nanas 2, pilih ingkang sampun mateng kaliyan sami


                              agengipun.



               Modul Bahasa Jawa Kelas XI / I                                                  Page 12
   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17