Page 14 - MODUL Bhs Jawa Budaya mantu
P. 14

Tuwuhan  katrapaken  wonten  lawang  tumuju  papan

                        lenggah  pengantin.  Tuwuhan  kados  biasanipun  inggih


                        punika wit-witan ingkang nggadhahi makna:

                        a.    Janur


                              Mugi  supados  penganten  ingkang  nggadhahi  nur

                              utawi cahya terang saking Ingkang Maha Kuwaos.


                        b.   Godhong Kluwih

                              Mugi  kajatanipun  mboten  wonten  kekiranganipun,


                              mbokbilih  malah  angsal  kaluwihan  saking  ingkang

                              dietangaken.


                        c.    Godhong waringin lan rencek-rencekipun

                              Dipendhet  saking  tembung  pengen,  tegesipun  cita-

                              cita ingkang diremenaken mugi-mugi katindakaken.


                        d.   Godhong dadap serep

                              Saking tembung rep, tegesipun adem, teduh, tentrem,


                              lan mboten wonten gangguan.

                        e.    Pari sewuli


                              Nggadhahi  teges,  saya  wonten  isinipun  saya

                              merunduk.  Mugi  kedah  kaluwihan  lan  kacukupan


                              gesangipun,  saya  entheng  suku  kaliyan  astanipun

                              kaliyan  kedah  siyap  mbiyantu  sami  ingkang


                              kakirangan.

                        f.    Cengkir gadhing

                              Toya degan, inggih punika toya suci resik, kang







               Modul Bahasa Jawa Kelas XI / I                                                  Page 14
   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19