Page 3 - DRAMA TRADHISIONAL-DARING PERTEMUAN 1
P. 3
Kesenian iki sanajan wis ninggal jaman kencana rukmine, nanging
isih bisa kita temoni ing satengahe masyarakat. Diarani seni
tradhisional amarga seni kalorone nggelar crita jaman biyen,
kairing musik tradhisional wujud gamelan sarta tetembangan,
migunakake basa Jawa lan busana klasik nut jaman kelakone
carita sing digelar. Sing mbedakake antarane kalorone ana ing
panganggone basa lan jinis tabuhan gamelan pangiring. Kethoprak
migunakake basa Jawa ragam Solo-Jogja. Dene ludruk
migunakake basa Surabayan, kairing gamelan kanthi teknik tabuh
Jawa Timuran (jula-juli), lan dibukani kanthi tari remo.
Kethoprak lahir watara tahun 1920 ing Solo. Ngalami jaman
kencana rukmi watara tahun 1950 ing Ngayogyakarta Hadiningrat.
Kawitane mung dadi lelipur rakyat sanjabane kraton, nanging
wusanane uga narik kawigaten lan disenengi dening kulawarga
kraton. Crita kang diangkat maneka warna panguripan ing
bebrayan, wiwit crita ngenani panguripan padinane warga biasa,
nganti panguripane kulawarga kraton. Ana sing macak dadi ratu,
pangeran, putri, punggawa kraton, lan sapa bae miturut peran kang
diparagakake.
Crita pagelaran kethoprak akeh banget upamane crita
rakyat, dongeng, babad, legendha, sejarah lan adhaptasi saka
nagara manca kang diowahi nggunakake swasana Jawa lan
Indonesia. Tuladhane karya Shakespeare, Pangeran Hamlet,
DRAMA TRADHISIONAL 2