Page 4 - DRAMA TRADHISIONAL-DARING PERTEMUAN 1
P. 4
utawa Sampek Eng Tay. Bisa crita-crita baku, kayata : Darma-
Darmi, Warsa-Warsi, Gendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita
Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji),
Andhe-andhe Lumut, Angling Darma, Rara Mendut, Damarwulan,
Ranggalawe, Jaka Bodho, lan isih akeh liyane. Crita
klangenan masyarakat bisa arupa crita pahlawanan, paprangan,
lan crita kang nglempengake bebener. Biasane ing pungkasan crita
sing gawe bebener, tumindak jujur, lan apik antuk kamenangan.
Busana para paraga pemain dipadhakake karo crita kang
digelarake. Adate nganggo busana narapraja Jawa jaman kraton
biyen. Upama Pangeran Wiraguna, busanane nganggo busana
priyayi Jawa, semono uga Pangeran saka tlatah Jawa Tengah
(Yogyakarta ) lan uga para prajurit. Nanging ana uga busana kang
arupa simbol, upamane pawongan kang wicaksana busanane
ireng, pawongan suci busanane putih, pawongan sing kendel
busanane abang. Crita Baghdad busanane kasebut "Mesiran"
nganggo busana sutra.
Antawacana (dhialog) kethoprak uga bisa nganggo tembang,
dadi tembang bisa mujudake pangiring adegan, dhialog, monolog
(rerasan dhewe) utawa dadi narasi. Wondene unining gamelan
kanggo ngiringi tembang, adegan, ilustrasi swasana crita, swasana
dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijine.
Perangkat pangiring pagelaran kethoprak dumadi saka
kendhang, saron, kethuk, kenong, kempul, lan gong. Para paraga
kethoprak saliyane pinter anggone "akting" uga kudu pinter
nembang lan njoged. Para niyaga, bebarengan karo sindhen
(waranggana), ngiringi irama gamelan kethoprak. Sanadyan
sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh"
basa. Bisa nganggo basa Jawa ngoko lugu, ngoko andhap, lan
basa krama.
Ing wektu saiki, ana wolak-waliking jaman, kethoprak uga
nduweni "improvisasi" kanthi wujud dhagelan. Upamane awujud
Kethoprak Humor ana ing siaran radhio lan televisi. Crita bakune
padha nanging digelarake kanthi dhagelan supaya bisa
nyenengake pamiarsa. Bab paugeran nomer loro, kethoprak mau
DRAMA TRADHISIONAL 3