Page 10 - Kabudayan Jawa_ukbm2
P. 10
GLADHEN 2
1. Kanggo mangerteni jinise kabudayaan Jawa ing dhuwur, golekana pangertene saka
macam-macam Kabudayaan Jawa sing wis disebutna ing dhuwur
2. Golekana tuladha siji wae adat jawa upacara utawa pengetan, slametan, lan tasyakuran
kang isih ana ing panggonanmu!.
Wenehana ancase, ubarampe, lan urutaning upacara!
3. Golekana maneka warna seni lan pakaryan sing isih ana ing panggonanmu, wenehi
katrangan utawa maknane saka seni lan pakaryan kasebut!
Kagiyatan Pasinaonan 3
Ing kagiyatan iki, para murid diajak nulis laporan kagiyatan adat sing isih asring
ditindakake dening warga masyarakat sacedhake papan panggonanmu. Sakdurunge
awakmu nggarap tugas iki.
Luwih dhisik gatekna andharan tata cara nulis palapuran kagiyatan ing ngisor iki.
1. Kata Pengantar
2. Daftar Isi
3. Pambuka
a. Lelandhesan Panelitian : latar belakang penelitian, kenapa awakmu njlimeti
(mengamati) upacara adat kasebut.
b. Ancase Panelitian : kanggo apa awakmu njlimeti (mengamati) upacara adat
kasebut.
c. Guna Mupangate (manfaat) Panelitian : apa gunane awakmu njlimeti
(mengamati) upacara adat kasebut.
4. Wosing isi
a. Pangerten (definisi) upacara adat sing ditaliti
b. Ancas para warga masyarakat nindakake upacara kasebut
c. Sapa wae paraga sing nindakake ing upacara kasebut lan sapa wae sing rawuh
d. Piranti lan ubarampe kang digunakake ing upacara kasebut
e. Tata cara nindakake upacara adat kasebut wiwit purwakaning nganthi
paripurnaning adicara
5. Dudutan (kesimpulan) lan Panyaruwe (saran)
a. Dudutan yaiku ringkesan kang wigati saka pangamatan kang ditindakake
b. Panyaruwe yaiku pituduh lan saruwe (saran) kang ditujukakae kanggo panaliti
dhewe uga kanggo para panaliti kang nindakake panalitian liyane
6. DAFTAR PUSTAKA
UKBM Kabudayan Jawa 10