Page 9 - Kabudayan Jawa_ukbm2
P. 9
GLADHEN 1
Pitakon- pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi paitis!
1. Apa kang diarani upacara Tingkeban?. Jelasna miturut basamu dhewe!
2. Apa ancase para warga ing bebrayan Jawa nindakake upacara Tingkeban?
3. Apa pangajabe para warga nindakake upacara Tingkeban?
4. Ubarampe lan piranti apa wae kang dibutuhake ing upacara tingkeban?
5. Kelapa gading ing upacara kasebut digawe kanggo apa lan nyimbolake apa?
6. Upacara apa sing nyimbolake supaya anak lair lancar?. Jelasna alasanmu!
7. Geneya upacara ganti busana kudu dilakokake ping pitu?. Jelasna alasanmu!
8. Umume, piweling apa sing bisa kinandhut saka pahargyan Tingkeban kasebut!
9. Wenehana tanggapan ngenani upacara Tingkeban kasebut miturut basamu dhewe!
10. Critaake maneh pahargyan tingkeban miturut basamu dhewe!
Kagiyatan Pasinaonan 2
Maneka Warna Kabudayaan Jawa
Kabudayaan jawa iku duweni macem-macem wujude. Bisa arupa
upacara/pahargyan, pengetan, slametan, lan tasyakuran. Kabudayaan kuwi dibentuk saka
tradisi utawa pakulinan masyarakat Jawa sing nduweni adat tata cara sesrawungan. Ing
ngisor iki, kabudayaan sing biasae dilakokake masyarakat Jawa.
1. Bersih desa/ sedekah bumi
2. Muludan/ grebeg maulid
3. Grebeg sura
4. Tedhak sinten
5. Nyelapani / selapan
6. Sepasar
7. Mitung dino
8. Brokohan
9. Patangpuluhan
10. Pendhak siji
Sak liyane iku ya ana Maneka werna seni lan pakaryan ing Kabudayaan Jawa yaiku
a. Sindhen f. Juru Sungging
b. Dhalang g. Juru Kunci
c. Niyaga/wiyaga h. Marbot
d. Empu i. Pacalang
e. Juru tulis j. Sarawedi
UKBM Kabudayan Jawa 9