Page 11 - Silsilah Eyang Tirto Soebroto_Float
P. 11
Ana kana disrengeni, aku malah ora gelem sinau pisan. Malah njaluk metu saka sekolah
nanginh oran ditilani. Bareng aku ora disrengeni, sinauku mempeng bareng kwartalan aku no.
1 saka botjah 23.
Amerga kesalahan sedje, lija dinane aku disrengeni sepele, aku mogok maneh. Esuk-esuk
kamarku dak ujuhi nganti jogane kamberan ujuh, wajah sekolah guruku kumisi kamar-kamar.
Banget muring-muringe andeleng kamarku keblambangan, aku disrengeni lan didenda
Wekasan taun aku munggah kl. III. Nalika pasa, ibuku gawe djadjan akeh banget kanggo
rijajan. Aku eman,lebar rijaja aku njaluk tetak. Amarga saka srudjuke sedulur-sedulur lan
tangga teparo, tetakku mau nganggo kramean tajub sedina sewengi, wajang purwo sedina
sewengi, terbangun sedina sewengi, wajang glutek sewengi.
Bareng wis ngantjik meh sesasi aku durung mlebu sekolah. Mula aku diparani Controleur
Turen njaluk supaja aku gelis menjang Probolinggo, awit aku ora njaluk izin nalika tetak.
Tekaku Probolinggo isih durung waras. Aku disrengeni akeh dening para guru amarga ora
mlebu tanpa izin nganti meh sesasi. Saben dina Sabtu aku diukum ngukur ing tambak-tambak,
dene kantjaku kabeh ngukur ing kampungan karo guru gambar. Bareng wis wajahe nggambar
kantjaku mung nggambar sing wis diukur jaiku kampungan, dene gambaranku kampungan lan
tambake pisan ing perangan kampung Majangan.
Oleh pangalembana ing tengahan taun 1903 directeur tuan Lekkerkerker menjang negara landa
diganteni tuan Uitterbruck. Sadurunge budal kantjaku pada mogok, amarga dilarang nonton
Harmston dening tuan Lekkerkerker. Botjah sapamu langan djam 8 bengi nutup kamare kabeh
budal nonton. Directeur bingung, repot Ass.Resident lan kepala pulisi. Pulisi ngubres kuto
nggoleki murid-murid. Djam 10 bengi oleh kabar menawa murid-murid njlamur njalawadi
pada nonton harmston.
Bandjur kumidi dileboni pulisi ake nggoleki murid-murid. Amarga nganggo kekerasan sanjata
murid sing nontong pada mlaju, nundjangi penonton, bali menjang asrama. Aku sakantjaku
kabeh diukum ora kena metu erf sekolahan 2 minggu lan ana sing ditambahi denda njarupiah.
Tulisane bapak “Riwajatku” mung tekan samene
11