Page 9 - Silsilah Eyang Tirto Soebroto_Float
P. 9
MENGENANG BAPAK ADIWINOTO (ALMARHUM)
Tulisan ini sesuai dengan yang ditulis Bapak,
Berbahasa Jawa, ejaan Suwandi.
Terdiri dari 2 bagian: Riwajatku dan Lelakonku
Disertai terjemahan dalam Bahasa Indonesia.
Riwajatku
Nalika isih tjilik aranku Adi, eyangku marabi Adi Kusumo. Lairku ing Turen, dina Slasa Legi
sasi Juni 1887.
Bapakku naliko iku dadi guru bantu sekolahan Turen, asmane M.B. Tirtosubroto. Ing besluit
kasebut Sudarmo, sabab nalika ing Kweek School Probolinggo tahun 1883 ngaku jeneng
Sudarmo lan tahun 1885 metu saka kl.II dadi Mantri Guru kl.IV ing Tongas (Probolinggo)
nanging mung sadela sebab ora krasan, banjur dadi guru bantu ing Turen, nuli krama oleh ibu.
Let 1 taun duwe anak mbakjuku aran Sutijah alias ny. Hardjosudiro. Let setaun maneh banjur
aku lair.
Asmane bapak nalika isih tjilik Kalifah putrane Kjai Mohammad Kasan Besari, pengulu hakim
ing kuta Madijun. Embah pengulu kakung putrane kjai Mohammad Zaenal Abidin Pengulu
Landraad ing Madijun.
Asmane ibu nalika isih botjah Raden Rara Sutidjah, putrane R. Karjoredjo, lurah ing desa
Gandu Kepuh, kulone kuta Ponorogo. Tjilike ibu dipundut putra R. Tirto Kusumo, beskal
Madiun.
Nalika bapak krama oleh ibu, bapak isih djaka umur 35 taun, ibu isih prawan umur 15 taun,
Daupe ana Madijun kanti karamean geden2-an 3 dina 3 bengi ing beskalan Madijun.
Ejang putri Karjoredjo iku mbakjune ejang putri Tirto Kusumo, Sakarone iku nakdulure
Embah putri Moh. Kasan Besari kang asline saka tedak Bandjarsari (Madijun). Kabeh mau
isih tedak turune Kandjeng Kjai Tegalsari, Ponorogo.
Nalika aku dilairake, omahe bapak ana wetan prapatan Turen, prapatan antarane kali kulon
lan kali masdjid Turen, Omahe pinggir dalan gede, madep ngalor. Naliko semono isih omeh
atep durung ana omah gendeng. Nalika aku umur setahun, pinuju rijaja deng, omahe kobong
saka geni mercon. Djareneaku digletakake ngisor wit gedang nganti tekan sore, sebab enggone
miwiti kobong wajah jam 12 awan.
Let karo tengah tahun saka lahirku, banjur duwe adik lanang, arane Sutedjo (umur 5 tau tinggal
donja), banjur let 2 taun duwe adik wadon aran Sutjiatin alias R. Nganten
Hardjosukarto,nalika laire adiku Sutjiatin pekarangane bapak diedol ngalih menjang
meangetan ing Turen wetan (Bokor).
9