Page 10 - 1902101010_Tasya Dian Mulliana_Bahan Ajar Basa Jawa
P. 10
C. Maca Teks Dheskripsi Kanthi Nyaring
Maca teks dheskripsi, sakliyane nganggo teknik maca
tanpa swara, bisa uga kanthi nyaring / banter swarane.
Sanajan banter ananging kudu nganggo aturan supaya
dimirengke endah. Teknik maca iki biyasane digunakake
para presenter ing radhio utawa televisi. Ing ngisor iki bab-
bab kang kudu digatekake nalika maca teks dheskripsi.
a. Swara
Swara kudu sora utawa banter supaya kabeh pamireng
utawa pamiyarsa bisa krungu apa kang kawedhar ananging
ora kena ana kesan nggetak utawa galak.
b. Basa
Basa kang digunakake kudu di ronce adi ukara kang
trepkaro pamiyarsa kang ana. Pilihan tembung kang luwes,
becik, supaya kepak dirungokake
c. Subasita
Nalika maca, solah bawa lan cara matur aja di gawe-
gawe. Saliyane iku, ora prayoga kakehan obah. Becike
anteng, manteb ananging ora kaku.
d. Parap
Patrape utawa sikep nalikane maca, yaiku ing antarane
jumenenge jejeg ananging ora kaku, sikil ora mepet utawa
mbegagah, ora ndhingklukutawa ndhangak, ora kakehan
obah, lan pandangan madhep pamiyarsa.
10
7