Page 7 - 1902101010_Tasya Dian Mulliana_Bahan Ajar Basa Jawa
P. 7
Nyimak teks dheskripsi
Kebun Teh Jamus
Kebun Teh Jamus mapan ana ing kutha Ngawi. Papan
iki kelebu papan wisata unggulan kang bisa adi jujugane
para wisatawan. Saben wayah preinan mesthi akeh para
wisatawan sing padha plesiran ing papan kene. Saliyane
hawane adhem, ing papan iki uga nyuguhake sesawangan
kang endah nyengsemake ati ati. Nalika para wisatawan
mlebu ing papan iki disuguhi wit-witan the kang ijo royo-
royo. Ing papan kono uga, ana sawijining sumber lanang lan
sumber wadon kang banyune gemrijik, bening, tur seger.
Mula, ora mokal menawa papan iki dadi aset wisata kang
perlu dilestsrekake.
(Kapethik saking Tantri Basa Kelas 5)
5. 7 4