Page 5 - Modul X BHS JAWA KD 3.4 BASARINENGGA_Neat
P. 5
2. Saka geguritan ing dhuwur, akeh banget tinemu wewujudaning basa kang ora salumrahe,
amarga …………………………………………………………………………………………………...
……………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………..
TANGGAL NILAI TAPAK ASTA
B. Garapan 2
Nrima ing Pandum
………………………..
Ana wong kang anggone nyambut gawe wis mempeng banget, wis ora kurangkurang
anggone mbudidaya kanthi donga lan ikhtiyar, nanging sanyatane asile ora sepiroa. Wong kasebut
kadhang kala malah nandhang kapitunan. Yen lagi nandhang kahanan kang kaya mangkene iki,
lumrahe banjur susah lan ngresula. Jalaran wong mau ora bisa nampa kahanan kanthi eklas. Bisa-
bisa pikirane wong mau malah ngambyawara nganti kumawani nyalahake Gusti Allahe, sing jare ora
adil. Beda, yen manungsa eling marang pitutur narima ing pandum, senajan susah lan ngresula ora
bakal kedawa-dawa. Wong mau ora kebacut mutung, enggal-enggal nrima lan pasrah mring
kuwasaning Gusti Allah. Wusana gelem nampa kahanan mau kanthi lila legawa lan percaya yen
kabeh mau mung wujud pacobaning urip. Saka kapercayane ati mring kuwasaning Gusti Kang Maha
Kuwasa, malah tansaya sengkut anggone makarya lan tansaya gentur anggone ndonga. Awit wong
kang kaya mangkene iki, percaya yen Gusti Allah ora sare, lan bakal paring kamulyan marang wong
kang sabar,nrima lan eklas nampa pacobaning urip.
Cethane, ngecakake unen-unen nrima ing pandum ing bebrayan iku pancen dudu prakara
gang gampang. Sing bisa nglakoni mung wong-wong sing duwe watak sabar, kang tansah caket
mring Gusti Allahe. Mung wong-wong kang duwe kapercayan kang kuwat, yen manungsa mono
mung saderma nglakoni.
(Santosa, S.Pd, MM.,dkk, Rahmat.2015. Sastri Basa X. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur)
Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
1) Sarampaunge maca apa ana tetembungan kang ora kokngerteni tegese?
2) Adhedhasar teks ing dhuwur kepriye kang diarani wong nrima ing pandum ?
3) Kepriye lumrahe wong kang lagi nandhang kapi tunan ?
4) Kepriye supaya kita bisa nampa kasunyatan?
Wangsulan :
5
GULA JAWA (Guyub Rukun Ngleluri Budaya Jawa)
SMA Brawijaya Smart School Malang-Kelas X