Page 9 - Modul X BHS JAWA KD 3.4 BASARINENGGA_Neat
P. 9

Wes paham ta, babagan materi
                                                                  teks sastra lan non sastra? Yen
                                                                  wis paham, ayo nyinau Pasinaon
                                                                  2!


               Pasinaon 2 : Ninthingi Basa Rinengga Sajrone Teks
                      Basa rinengga yaiku basa kang dipaes, direngga lan didandani supaya apik.

               A.  Garapan 1
                                                      SUNGKEMAN
               Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang garwa sumarak wonten
               ing ngarsanipun ingkang Bapa tuwin Ibu,tumuli sumungkem lan ngabekti nyuwun donga pangestu
               anggenipun palakrama mugi tansah manggih bagya mulya,saget langgeng dumugi salami-laminya.
               Bekti dhumateng ingkang Rama labet enget bilih ingkang rama wus sembada ngfukir jiwaraga dadya
               lantaraning tuwuh.
               Parandene sumungkem dumateng ingkang ibu labet enget bilih ingkang Ibu wus kinarya papanig
                                                   yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta
                                                   hanglelithing wiwit alit dumugi akir dewasa,bebasan cilik
                                                   digedhek.ke,bodho kapinterake.
                                                   Brool kanang waspa ingkang mijil saking anggenira temanten
                                                   kekalih,tumibeng ing pangkone ingkang rama lan ibu kadya
                                                   mutiara kang rinonce. kaladuk.e kang ngrumpaka basa
                                                   bebasan banjir luh sarah waspa sajroning sasana rinengga.
                                                   https://contohtekspranatacaraterbaru.blogspot.com/2016/08/contoh-teks-
                                                   panyandra-temanten-jawa.html

               1)  Tulisen tetembungan kang kalebu basa rinengga saka teks wacan ing dhuwur!
               2)  Klompokna tetembungan kang wus kotulis mau manut jinise basa rinengga!
                No      Basa Rinengga                           Tuladha sajroning teks

                1       Tembung Saroja                              Donga Pangestu

                2              …                                          …

                3              …                                          …


                4              …                                          …


                5              …                                          …


                                                             TANGGAL            NILAI       TAPAK ASTA







                                                                                                         9
                        GULA JAWA (Guyub Rukun Ngleluri Budaya Jawa)
                        SMA Brawijaya Smart School Malang-Kelas X
   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14