Page 10 - Kabudayan Jawa_ukbi2
P. 10

GLADHEN 2

               1.  Kanggo mangerteni jinise kabudayaan Jawa ing dhuwur, golekana pangertene saka
                    macam-macam Kabudayaan Jawa sing wis disebutna ing dhuwur
               2.  Golekana tuladha siji wae adat jawa upacara utawa pengetan, slametan, lan tasyakuran
                    kang isih ana ing panggonanmu!.
                    Wenehana ancase, ubarampe, lan urutaning upacara!
               3.  Golekana maneka warna seni lan pakaryan sing isih ana ing panggonanmu, wenehi

                    katrangan utawa maknane saka seni lan pakaryan kasebut!


               Kagiyatan Pasinaonan 3

                       Ing  kagiyatan  iki,  para  murid  diajak  nulis  laporan  kagiyatan  adat  sing  isih  asring
               ditindakake  dening  warga  masyarakat  sacedhake  papan  panggonanmu.  Sakdurunge
               awakmu nggarap tugas iki.
               Luwih dhisik gatekna andharan tata cara nulis palapuran kagiyatan ing ngisor iki.

                   1.  Kata Pengantar

                   2.  Daftar Isi
                   3.  Pambuka
                       a.  Lelandhesan Panelitian : latar belakang penelitian, kenapa awakmu njlimeti
                          (mengamati) upacara adat kasebut.
                       b.  Ancase Panelitian : kanggo apa awakmu njlimeti (mengamati) upacara adat
                          kasebut.
                       c.  Guna Mupangate (manfaat) Panelitian : apa gunane awakmu njlimeti
                          (mengamati) upacara adat kasebut.

                   4.  Wosing isi
                       a.  Pangerten (definisi) upacara adat sing ditaliti
                       b.  Ancas para warga masyarakat nindakake upacara kasebut
                       c.  Sapa wae paraga sing nindakake ing upacara kasebut lan sapa wae sing rawuh
                       d.  Piranti lan ubarampe kang digunakake ing upacara kasebut
                       e.  Tata cara nindakake upacara adat kasebut wiwit purwakaning nganthi
                          paripurnaning adicara
                   5.  Dudutan (kesimpulan) lan Panyaruwe (saran)
                       a.  Dudutan yaiku ringkesan kang wigati saka pangamatan kang ditindakake
                       b.  Panyaruwe yaiku pituduh lan saruwe (saran) kang ditujukakae kanggo panaliti
                          dhewe uga kanggo para panaliti kang nindakake panalitian liyane

                   6.  DAFTAR PUSTAKA



                                                                            UKBM Kabudayan Jawa  10
   5   6   7   8   9   10   11   12