Page 7 - Kabudayan Jawa_ukbi2
P. 7

  Kegiatan Inti

               Kagiyatan Pasinaonan 1
               Wacanaen teks ing ngisor iki banjur wangsulana pitakon-pitakone!

                                                Tingkeban utawa Mitoni




































                       Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu
               nggarbini  utawa  meteng  7  sasi.  Ancasé  kanggo  keslametan  calon  bayi  lan  ibuné  utawa
               kanggo  sing  sipaté  tolak  bala.  Ing  dhaérah  tartamtu,  upacara  iki  uga  diarani  tingkeban.
               Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene
               wong  Jawa,  wetengan  umur  7  sasi  iki  proses  pangriptane  manungsa  iku  wis  nyata  lan

               sampurna ing sasi kaping 7. Paraga sajrone upacara adat Jawa  mitoni yaiku, bapa, biyung,
               lan juru upacara adat jawa mitoni.
                       Ing  upacara  kasebut  ywa  ana  uba  rampe  sing  digawe  syarat  upacara.  Uba  rampe
               sajrone  upacara  adat  Jawa    mitoni  ana  loro  yaiku,  uba  rampe  mateng  lan  uba  rampe
               mentah. Uba rampe mateng ing antarane,yaiku sekul janganan, jenang abrit, jenang baro-
               baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, dhele (kacang kang kagangsa ing gen-
               dhis), cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng
               dicemplungake  ing  cething,  diwenehi  iwak  kebo  lan  endhog,  godhog,  gereh,lan  krupuk,
               rujak,  lan  Ampyang.  Ubarampe  mentah    ing  antarane,yaiku  Lombok,  Terong,  pala
               pendem(mbote,kacang tanah,menyok,tales), pala gumantung(kates), pala marambat(telo),
               janganan lan jinis kembang-kembangan. Tumpeng janganan iku digawe cacah pitu dijangke-

               pi pitung iji apem conthong.

                                                                            UKBM Kabudayan Jawa  7
   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12